15.12.2012 Views

ÿþM icrosoft W ord - 1 . coversampul . doc - Andy Nuriman

ÿþM icrosoft W ord - 1 . coversampul . doc - Andy Nuriman

ÿþM icrosoft W ord - 1 . coversampul . doc - Andy Nuriman

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

INDHAKIPUN KAPRIGELAN MAOS PEMAHAMAN KANTHI

METODE OK5R SISWA KELAS VII SMP KARTIKA III-2

BANYUMANIK

SKRIPSI

TARMILAH

NPM 06430472

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2011

INDHAKIPUN KAPRIGELAN MAOS PEMAHAMAN KANTHI

METODE OK5R SISWA KELAS VII SMP KARTIKA III-2 BANYUMANIK

SKRIPSI

Katujokaken dhumateng Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI

Semarang, minangka syarat kangge nggayuh tataran Sarjana Pendidikan

TARMILAH

NPM 06430472

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2011

i

PASARUJUKAN

SKRIPSI

Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman Kanthi Metode OK5R Siswa Kelas VII

SMP Kartika III-2 Banyumanik

Ingkang kaserat lan kaajengaken dening

Tarmilah

NPM 06430472

Sampun kasarujuki dening pambimbing lan keparengaken dipunlajengaken ujian

ing sangajenging Dewan Penguji,

Ing surya kaping 16 Februari 2011

Pembimbing I, Pembimbing II,

Drs. Siswanto PHM.,M.Pd. Drs. Suyitno Yoga Pamungkas

NIP 19570707 198503 1 003

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2011

ii

PANGESAHAN

Skripsi kanthi irah – irahan ”Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman

Kanthi Metode OK5R Siswa Kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik” kaserat

dening Tarmilah NPM 06430472, sampun dipuntanggeljawabaken ing

ngarsaning Sidang Panitia Ujian Skripsi Program Studi Pendidikan Bahasa dan

Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang

Dinten : Rabu

Surya : 23 Februari 2011

Panitia Ujian

Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M.Hum Dra. H.R. Utami, M.Hum

NIP 19650316 199003 2 002 NPP 916301071

Dewan Penguji

Penguji I

Drs. Siswanto PHM, M.Pd ( ............................... )

NIP 19570705 198503 1 003

Penguji II

Drs. Suyitno Yoga Pamungkas ( ............................... )

NPP 106501308

Penguji III

Alfiah, S.Pd ( ............................... )

NPP 077401193

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2011

iii

PRATELAN

Skripsi kanthi irah-irahan ”Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman Kanthi

Metode OK5R Siswa Kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik” saestu kadamel

dening :

Nami : Tarmilah

NPM : 06430472

lan boten plagiat utawi nedhak pamawas lan seratanipun tiyang sanes.

Sedaya ingkang kaserat ing skripsi menika dados tanggel jawab kula.

iv

Panyerat, Februari 2011

Tarmilah

Sesanti :

SESANTI LAN PISUNGSUNG

� Aja wedi kangelan jalaran urip ing donya iku pancen angel

Jangan takut kesusahan karena hidup di dunia itu memang susah

(Mutiara Budaya Jawa)

� Tuking kamulyan iku saka anggone sregep

Sumber dari kesuksesan itu adalah rajin

(Mutiara Budaya Jawa)

v

Pisungsung :

1. Tiyang sepuh kekalih ingkang tansah

paring idi pangestu

2. Ingkang kinasih Mas Imron, ingkang

tansah paring semangat

3. Dosen pambimbing ingkang sampun

paring pitedah

4. Kepala Sekolah SMP Kartika III-2

Banyumanik ingkang sampun paring

ijin panalitian

5. Bu Rina ingkang tansah paring kawruh

6. Kanca-kanca dwija SDN Pedalangan 02

7. Kanca-kanca mahasiswa Basa Jawa

8. Sedherek- sedherek kula ingkang kula

tresnani

ATUR CECALA

Puji syukur panyerat konjukaken dhumateng ngarsa dalem Gusti Allah

ingkang murbeng dumadi inggih karana panyerat saged ngrampungaken skripsi

punika kanthi irah – irahan ”Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman Kanthi

Metode OK5R Siswa Kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik”.

Wonten ing kalodhangan punika, panyerat ngaturaken matur nuwun

ingkang tanpa upami dhumateng :

1. Bapak Muhdi, S.H., M.Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang

sampun paring idin anggenipun para mahasiswa nyusun skripsi punika.

2. Ibu Dra. Sri Suciati,M.Hum., minangka Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa

dan Seni IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun paring idin anggenipun

nyusun skripsi.

3. Ibu Dra. HR. Utami, M.Hum., minangka Ka Program Studi Pendidikan

Bahasa dan Sastra Jawa ingkang sampun paring idin nyusun skripsi punika.

4. Bapak Drs. Siswanto PHM, M.Pd, minangka Pembimbing I ingkang sampun

maringi semangat, kawrungkasuh ingkang sanget migunani.

5. Bapak Drs. Suyitno Yoga Pamungkas, minangka Pembimbing II ingkang

sabar lan wicaksana mbimbing panyerat anggenipun nglaksanakaken tugas

panyusunan skripsi.

6. Bapa saha ibu ingkang boten kendhat paring pangestu lan ngupaya ragad

saengga panyerat saged ngrampungaken skripsi kanthi gangsar.

vi

7. Sisihan kula ingkang tansah paring pambiyantu.

8. Kanca–kanca mahasiswa IKIP PGRI Semarang mliginipun mahasiswa

Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.

9. Sedaya pihak ingkang sampun ambiyantu panyerat anggenipun nyusun skripsi

punika.

pawiyatan.

Mugi-mugi skripsi punika gadhah mupangat ingkang ageng wonten ing

vii

Semarang, Februari 2011

Panyerat

SARI PATHI

Tarmilah NPM 06430472.”Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman kanthi

Metode OK5R Siswa Kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik”. Skripsi.

Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan

Bahasa dan Seni. Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang.

2010. Pembimbing I : Siswanto PHM, M.Pd.,. Pembimbing II : Drs.

Suyitno Yoga Pamungkas.

Tembung Wos : Maos Pemahaman ; Metode OK5R.

Kaprigelan maos pemahaman siswa kelas VII SMP Kartika III-2

Banyumanik punika taksih andhap. Siswa kirang terampil anggenipun maos

pemahaman. Metode ingkang dipunginakaken dwija wonten ing piwulangan

kirang efektif sahingga siswa kirang nggatekaken anggenipun sinau.Kanthi

mekaten, dipunprelukaken metode piwulangan ingkang trep kangem mrantasi

prekawis punika. Piwulangan maos kanthi metode OK5R murugaken

salahsatunggaling cara ingkang saged ambiyantu siswa anggenipun ningkataken

kaprigelan maos pemahaman. Prekawis panaliten inggih punika (1)punapa Metode

OK5R saged ngindhakaken kaprigelan maos pemahaman siswa kelas VII SMP

Kartika III-2 Banyumanik Semarang?.Ancasing panaliten inggih punika (1)

ndhiskripsikaken indhaking kaprigelan maos pemahaman siswa kelas VII SMP

Kartika III-2 Banyumanik Semarang kanthi metode OK5R.

Subjek panaliten punika Indhaking kaprigelan maos pemahaman kanthi

metode OK5R siswa kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik.Penelitian

tindakan kelas punika dipunlampahi kalih tahap inggih punika siklus I lan siklus

II. Pangempalan dhata ngginakaken tes lan notes. Tes dipunginakaken kagem

mangertosi kemampuanipun siswa anggenipun mangsuli pitakonan, bilih notes

awujud observasi, jurnal, wawancara lan dokumentasi. Teknik analisis dhata

awujud teknik kuantitatif lan teknik kualitatif. Teknik anggenipun maos wacana

sastra jawa kanthi metode OK5R lan teknik deskriptif kualitatif dipunginakaken

kagem nganalisis tindak tandukipun siswa.

Asil panaliten nujukaken wontenipun indhaking saking prasiklus ing siklus

I dan saking siklus I ing siklus II. Saking asil tes wiwitan dipunmangertosi wonten

indhak-indhakan, inggih punika skor rata-rata kelas saking 68,36 kahanan wiwitan

dados 73,04 ing siklus I mindhak 4,68%, makaten ugi ing siklus II skor rata-rata

kelas 81,68 utawi ngalami indhakan saking siklus I ing siklus II dados 8,64%.

Dados indhakipun saking prasiklus ing siklus II wonten 13,32.%. Asil analisis

observasi, jurnal, wawancara, lan dokumentasi nujukaken wontenipun ewahan

saking tumindakipun siswa kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik. Tumindak

awon siswa dados langkung sae sasampunipun dipuntindakaken maos pemahaman

viii

wacana sastra jawa kanthi metode OK5R. Ing saben siklus siswa langkung

terampil anggenipun maos pemahaman lan langkung aktif wonten ing piwulangan

maos wacana sastra jawa.

Panyarwe ingkang dipunajengaken antawisipun 1) dwija kedah

ngginakaken metode ingkang variasi ing piwulangan maos pemahaman salah

satunggaling metode OK5R saged mbiyantu siswa supados nggampilaken mahami

wosipun wacana sastra jawa lan ndadosaken siswa langkung aktif wonten ing

piwulangan maos, 2) para pakar utawi praktisi ing bidang pendidikan basa saged

ngawontenaken panaliten ingkang sami ngginakaken metode pambelajaran sanes

sahingga saged pikantuk alternatif metode pembelajaran kaprigelan maos.

ix

ABSTRAK

Tarmilah NPM 06430472.”Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman kanthi

Metode OK5R Siswa Kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik”. Skripsi.

Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan

Bahasa dan Seni. Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang.

2010. Pembimbing I : Siswanto PHM, M.Pd.,. Pembimbing II : Drs.

Suyitno Yoga Pamungkas.

Kata Kunci: Membaca Pemahaman, Metode OK5R

Keterampilan membaca pemahaman siswa kelas VII SMP Kartika III-2

Banyumanik masih rendah. Siswa kurang terampil dalam membaca pemahaman.

Metode yang digunakan oleh guru dalam pembelajaran kurang efektif sehingga siswa

kurang tertarik dalam pembelajaran. Oleh karena itu, diperlukan metode pembelajaran

yang tepat untuk mengatasi hal tersebut. Pembelajaran membaca dengan

menggunakan metode OK5R merupakan salah satu cara yang dapat membantu siswa

dalam meningkatkan keterampilan membaca pemahaman siswa. Rumusan masalah

penelitian ini yaitu (1) adakah peningkatan kemampuan membaca pemahaman pada

siswa kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik menerapkan pembelajaran membaca

pemahaman dengan metode OK5R ? Tujuan penelitian ini yaitu (1) mendeskripsikan

peningkatan ketarampilan membaca pemahaman pada siswa kelas VII SMP Kartika

III-2 Banyumanik setelah menerapkan pembelajaran membaca pemahaman dengan

metode OK5R.

Subjek penelitian ini adalah peningkatan kemampuan membaca pemahaman

bahasa Jawa dengan metode OK5R pada siswa kelas VII SMP Kartika III-2

Banyumanik. Penelitian Tindakan Kelas ini dilakukan dalam dua tahap yaitu siklus I

dan siklus II. Pengumpulan data menggunakan tes dan nontes. Tes digunakan untuk

mengetahui kemampuan siswa dalam menjawab pertanyaan, sedangkan nontes

berupa observasi, jurnal, wawancara, dan dokumentasi. Teknik análisis data berupa

teknik kuantitatif dan teknik kualitatif. Teknik kuantitatif digunakan untuk

menganalisis data keterampilan siswa membaca wacana sastra Jawa dengan metode

OK5R dan teknik kualitatif digunakan untuk menganalisis perilaku siswa.

Hasil penelitian menunjukkan adanya peningkata dari prasiklus ke siklus I dan

dari siklus I ke siklus II. Dari hasil tes diketahui adanya peningkatan-peningkatan

yaitu skor rata-rata kelas dari 68,36 pada kondisi awal menjadi 73,04 pada siklus I

meningkat 4,68%, sementara itu pada siklus II skor rata-rata kelas 81,68 atau

mengalami peningkatan dari siklus I ke siklus II menjadi 8,64%. Jadi peningkata dari

prasiklus ke siklus II ada 13,32%. Hasil analisis observasi, jurnal, wawancara, dan

dokumentasi menunjukkan adanya perubahan dari perilaku siswa kelas VII SMP

Kartika III-2 Banyumanik. Perilaku negatif siswa menjadi lebih baik setelah diadakan

pembelajaran membaca pemahaman bacaan sastra Jawa dengan metode OK5R. Pada

setiap siklus siswa lebih terampil dalam membaca pemahaman dan lebih aktif dalam

pembelajaran membaca pemahaman bacaan sastra Jawa.

Saran yang diajukan antara lain 1) guru harus menggunakan metode yang

variasi dalam pembelajaran membaca pemahaman salah satunya metode OK5R

x

isa membantu siswa supaya memudahkan dalam memahami isi bacaan sastra

Jawa dan menjadikan siswa lebih aktif dalam pembelajaeran membaca, 2) para

pakar atau praktisi dalam bidang pendidikan bahasa bisa melakukan penelitian

yang sama dengan menggunakan metode pembelajaran yang berbeda sehingga

bisa didapat alternatif metode pembelajaran ketrampilan membaca.

xi

DHAPTAR ISI

IRAH-IRAHAN …………………………………………………………............ i

PASARUJUKAN ……………………………………………………….............. ii

PENGESAHAN ………………………………………………………………….iii

PRATELAN …………………………………………………………............…. iv

PISUNGSUNG …………………………………………………………............. v

SESANTI .............................................................................................................. vi

ATUR CECALA ................................................................................................... vi

SARIPATHI .........................................................................................................viii

ABSTRAK ............................................................................................................. x

DHAPTAR ISI ..................................................................................................... xii

DHAPTAR TABEL ............................................................................................. xv

DHAPTAR GAMBAR ...................................................................................... xvi

DHAPTAR LAMPIRAN ................................................................................... xvii

BAB I PURWAKA ................................................................................................ 1

A. Pawadaning Prekawis ……………....................................................... 1

B. Momotan Prekawis ............................................................................... 5

C. Ancasing Panaliten ............................................................................... 5

D. Mupangat Panaliten .............................................................................. 5

E. Panandhesing Tembung ....................................................................... 6

F. Tata Rakiting Panyeratan ................................................................... 10

xii

BAB II LANDHESANING TEORI .................................................................... 11

A. Wosing Maos .....................................................................................11

1. Pangertosan Maos ........................................................................ 11

2. Jinis-jenis Kagiyatan Maos .......................................................... 12

3. Ancasing Maos ............................................................................. 15

4. Metodhe Maos .............................................................................. 18

5. Kaprigelan .................................................................................... 22

B. Pembelajaran Maos Pemahaman ....................................................... 24

1. Jinis-jenis Pambelajaran …………………………………………24

2. Kagiyatan Pembelajaran .............................................................. 25

3. Komponen Pambelajaran ………………………………………. 27

C. Hipotesis Tindakan .......................................................................... 29

BAB III METODHE PANALITEN .................................................................... 30

A. Subjek Panaliten ............................................................................... 30

B. Rancangan Panaliten ..........................................................................30

C. Variabel Panaliten ..............................................................................39

D. Instrumen Panaliten ........................................................................... 40

E. Teknik Pangempalan Dhata ...............................................................45

F. Teknik Analisis Dhata ....................................................................... 47

BAB IV ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGANIPUN .......................... 49

A. Asiling Panaliten................................................................................ 49

1. Asil Panaliten Siklus I....................................................................... 49

2. Asiling Panaliten Siklus II …............................................................ 50

xiii

B. Pirembaganipun Asil Panaliten ........................................................ 52

1. Pirembaganipun Asil Panaliten Siklus I ………………………….. 52

2. Pirembaganipun Asil Panaliten Siklus II ......................................... 55

BAB V PANUTUP .............................................................................................. 59

A.Dudutan ..................................................................................................... 59

B.Pamrayogi .................................................................................................. 60

KAPUSTAKAN

LAMPIRAN

xiv

DHAPTAR TABEL

Tabel 1 Kisi-kisi Tes Kaprigelan Maos Pemahaman …....................................... 41

Tabel 2 Kriteria Tingkat Kemampuan Maos Pemahaman …............................... 43

Tabel 3 Asil Tes Kaprigelan Maos Pemahaman Siklus I….................................. 49

Tabel 4 Asil Tes Kaprigelan Maos Pemahaman Siklus II ................................... 51

xv

DHAPTAR GAMBAR

Gambar 1 Diagram Maos …................................................................................ 14

Gambar 2 Siklus Penelitian Tindakan Kelas Model John Elliot .....................… 31

xvi

DHAPTAR LAMPIRAN

1. Surat Permohonan Ijin penelitian dari IKIP PGRI Semarang

2. Lembar Observasi

3. Lembar Kuesioner

4. Lembar Pedoman wawancara

5. Lembar Pambiji diri siswa

6. Silabus Bahasa Jawa SMP Kartika III-2 Tahun Pelajaran 2010/2011

7. Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Siklus I

8. Lembar Pengamatan Guru Dalam Proses Pembelajaran Siklus I

9. Lembar Tes siklus I

10. Hasil Tes Siklus I

11. Gambar Kegiyatan Siklus I

12. Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Siklus II

13. Lembar Pengamatan Guru Dalam Proses Pembelajaran Siklus II

14. Lembar Tes Siklus II

15. Hasil Tes Siklus II

16. Gambar Kegiyatan Siklus II

17. Surat Keterangan telah mengadakan penelitian di SMP Kartika III-2

Banyumanik Semarang.

xvii

A. Pawadaning Prekawis

BAB I

PURWAKA

Sinau basa yektosipun nyinau sesrawungan. Pratelan punika jumbuh

kaliyan ancasing pasinaonan basa Jawi ingkang kapacak ing Kurikulum 2006.

Ing kurikulum kala wau ancasing pasinaon basa Jawi boten namung nguwaosi

babagan basa kemawon, ananging ugi nggladhi kaprigelan siswa ngginakaken

basa. Kanthi kaprigelan punika kaajab siswa saged srawung kaliyan tiyang sanes

ing sakiwa-tengenipun, lan mapanaken piyambakipun ing bebrayan.

Ngudi indhaking kaprigelan basa kala wau menawi wonten ing sekolahan

panci dados tanggel jawabipun dwija, mliginipun dwija basa Jawi, basa

Indonesia, tuwin basa Inggris. Piwucalana basa ingkang sae inggih punika

menawi ing salebeting piwucalan ngandhut sekawan perangan kaprigelan basa.

Ananging temtunipun wonten satunggal kaprigelan ingkang dipungatosaken,

ingkang dipunjumbuhaken kaliyan kompetensi dasar ingkang nembe

dipunsinaoni ing wekdal punika. Pratelan punika jumbuh kaliyan punapa

ingkang dipunandharaken dening Tarigan (1981:7), bilih dwija basa kedah

tansah migunakaken sekawan kaprigelan basa wonten ing piwucalanipun, inggih

punika kaprigelan nyemak, wicara, maos, lan nyerat.

Setunggal saking sekawan kaprigelan basa kala wau inggih punika

kaprigelan maos. Kaprigelan maos wigatos sanget ing salebeting gesangipun

manungsa ing bebrayan, amargi seratan saged dipunginakaken minangka

1

pirantos sesrawungan kaliyan bebrayan sanesipun kanthi cara boten aben ajeng

(tidak langsung).

Maos inggih punika satunggaling kegiyatan ingkang dipuntindakaken

pamaos supados pikantuk piweling ingkang dipunpratelakaken dening panyerat

mawi tetembungan lan basa tulis. Satunggaling kegiyatan ingkang ngedahaken

bilih perangan tembung ingkang arupi satunggaling rerangken ingkang

kadhapuk ing salebeting tingalan sakeplasan, lan makna tetembungan ingkang

kawaos saged dipunmangertosi. Manawi babagan punika boten nyekapi,

piweling ingkang kaserat boten saged dipunpenggalih langkung-langkung boten

saged dipunpahami (Hodgson ing Tarigan 1960 : 43 - 44).

Kasunyatanipun, kathah siswa ingkang bijinipun taksih kirang saking

KKM. Kirangipun kuwaosan maos tumrap waosan basa Jawi punika kabukti

saking bijinipun siswa tumrap kaprigelan maos taksih kirang saking KKM,

inggih punika 65.

Babagan punika dipunsebabaken amargi kirangipun kawasisan kaprigelan

maos awujud waosan Jawi saha kiranging kawigatosan maos. Babagan punika

mangaribawani sanget tumrap wucalan mliginipun kaprigelan maos pemahaman

waosan basa Jawi. Kathahipun, para siswa langkung remen nyinau wucalan basa

Inggris, basa Indonesia, lan Matematika ingkang kaanggep langkung mirunggan

tinimbang waosan basa Jawi. Kajawi makaten, awit saking Basa Jawi punika

kagolong muatan lokal, cak-cakipun namung kalih jam pelajaran lan saben

minggu namung setunggal pepanggihan. Lajeng, kiranging pangginaan basa

2

Jawi ing pasrawungan modern punika ugi mangaribawani kawasisan

tetembungan Basa Jawi tumrap lare. Saupami kuwaosan tumrap tembung-

tembung Basa Jawi kirang, babagan punika ugi mangaribawani anggenipun

mahami tembung-tembung ing waosan.

Tembung-tembung ingkang mligi babagan bahan waosan kedah

dipunandharaken kanthi langsung. Saupami wonten tembung-tembung enggal

ing buku waosan utawi ing buku pelajaran, kedahipun dwija ngawontenaken

rerembagan kaliyan siswa saengga siswa saged mangertosi lan mahami makna

saderengipun para siswa miwiti maos (Dawson ing Tarigan 1963:30).

Prekawis sanesipun saged ugi saking dwijanipun, ingkang kirang trepipun

teknik, metode, lan media ingkang dipunginakaken dening dwija. Para dwija

panci wonten ingkang taksih manggihi kaewetan jumbuhaken teknik, metode, lan

media kaliyan materi ingkang dipunwucalaken. Tuladhanipun, wonten media

ingkang mbetahaken wragat ingkang kathah, lan ewetipun teknik-teknik wucalan

ingkang dereng dipunkuwaosi dening dwija. Kirang trepipun teknik, metode, lan

media punika saged nyebabaken siswa boten remen lan boten migatosaken

rikala sinau maos pemahaman. Ewondene papan panaliten punika

dipuntindakaken ing SMP Kartika III -2 Banyumanik mliginipun kelas VII awit

kelas VII punika taksih nggadhahi kaprigelan maos ingkang taksih rendah,

punika ketingal saking asil piwulangan bakenipun piwulangan basa Jawi.

Ngudi indhaking pasinaon Basa Jawi tumrap siswa kelas VII SMP

Kartika III-2 Banyumanik, prelu dipunpadosaken cara kangge ngatasi prekawis

3

punika. Kanthi punika panaliti milih metode pembelajaran OK5R, punika

satunggaling cak-cakan ingkang nuntun siswa anggenipun mbudidaya madosi

gambaran agal prekawis, mbudidaya misahaken prekawis utami lan prekawis

ingkang sipatipun namung nerangaken, nuntun siswa anggenipun manggihaken

gagasan baken, biyantu siswa manggihaken garis ageng, mbiyantu siswa

anggenipun ngudhal utawi ngambali malih ngginakaken basanipun piyambak lan

nggraita gagasan baken sahingga dados pangertosan ingkang langkung wiyar.

Punika nerapaken model pembelajaran OK5R ingkang dipuncakaken kaliyan

prekawis ingkang mbetahaken pamecahan prekawis, amargi para siswa kedah

ngudhal pamikiran gegayutan kaliyan pirembagan prekawisipun. Ing

piwulangan, siswa aktif ing salebeting pepanthan saperlu ngrembag babagan

tinamtu. Wosipun, siswa lan dwija dipunkajengaken saged nuwuhaken

komunikasi, interaksi, lan njurung siswa supados aktif ing piwulangan basa Jawi

saengga, waosan ingkang gegayutan kaliyan waosan basa Jawi, saged

nuwuhaken sikep angleluri kabudayan Jawi amrih murakabi.

Adhedhasar lelandhesan ingkang dipunpratelakaken punika, panaliti

nyusun skripsi kanthi irah-irahan “Indhakipun Kaprigelan Maos Pemahaman

kanthi Metode OK5R Siswa Kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik”.

4

B. Momotaning Prekawis

Momotan prakawis ingkang dipuntelakake ing panaliten punika, Punapa

Metode OK5R saged ngindhakaken kaprigelan maos pemahaman siswa SMP

Kartika III-2 Banyumanik Semarang?

C. Ancasing Panaliten

Adhedhasar momotan prakawis ingkang dipunpratelakaken ing nginggil,

ancasing panaliten inggih punika “njlentrehaken indaking kaprigelan maos

pemahaman siswa kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik Semarang kanthi

Metode OK5R”.

D. Mupangating Panaliten

Asil panaliten punika dipunkersakaken saged nggadhahi mupangat:

1. Mupangat Praktis

a. Mupangat praktis saking panaliten punika bilih panaliten saged

dipunginakaken dados input dening siswa kelas VII SMP Kartika III-2

kagem ningkataken pengajaran maos pemahaman .

b. Kagem dwija asil panaliten saged maringi mupangat ingkang migunani

wonten ing proses pambelajaran maos pemahaman .

c. Kagem siswa asil panaliten punika saged mbiyantu siswa kagem

ningkataken keprigelan maos pemahaman.

5

2. Mupangat Teoritis

Asil panaliten punika nggadhahi mupangat ing pengembangan ilmu

pengetahuan bakenipun ingkang sesambetan kaliyan indhakipun keprigelan maos

pemahaman . Kanthi mangertosi asil panaliten punika badhe paring pengetahuan

dhateng peneliti ing babagan usaha ningkataken keprigelan maos pemahaman.

E. Panandhesing Tembung ing Irah-irahan

Supados langkung gamblang lan trep wonten ing jlentrehan skripsi punika,

pramila kedah mangertosi tetembungan ingkang kaginakaken inggih punika :

1. Indhaking ( peningkatan ) kaprigelan

Indhaking wonten ing salebeting maos pemahaman inggih punika tindakan

utawi aktivitas kagem ningkataken kaprigelan siswa anggenipun manggihaken

informasi waosan (Hubert dkk,1998). Kaprigelan miturut Baoesastera Djawa,

tembung kaprigelan dumadi saking tembung prigel, pikantuk ater–ater ka- lan

panambang –an. Prigel tegesipun cukat sarta trampil, rigen, pinter (Darminta ing

Suyitno, 2006: 1).

Kanthi mekaten saged kawastanan bilih indhakipun kaprigelan maos

mujudaken cak – cakan kados pundi caranipun supados saged manggihaken

makna ingkang kacetha lan ingkang sinandhi ing lambang – lambang tulis (

aksara/huruf ).

6

2. Maos Pemahaman

Maos pemahaman hakekatipun inggih punika kagiyatan maos ingkang

nggadhahi ancas manggihi informasi ingkang wonten ing salebeting teks.

3. Metode OK5R

Metodhe punika karembakaken dening Walter Pauk, direktur Reading-Study

Center saking Cornell University. Metode OK5R inggih punika :

a. Overview ( njingleng kanthi taliti )

Inggih punika pamaos mbudidaya madosi gambaran agal prekawis

ingkang karembak, prekawis ingkang kaudhal, lan pitakenan ingkang

kaajengaken.

b. Key Ideas ( ide – ide kunci )

Key Ideas nuntun dhateng pamaos anggenipun mbudidaya misahaken

prekawis utami lan prekawis ingkang sipatipun naming nerangaken.

c. Read ( maos)

Perangan punika nuntun pamaos manggihaken gagasan baken lan gagasan

paneranganipun sarta pada utami lan pada panerang.

d. Record ( nyathet / nyerat )

Pamaos kaprayogekaken damel cathetan utawi nengeri waosan/ buku

sarana ngringkes bakenipun rembag.Ringkesan ing ngriki saged awujud

ringkesan, saged ugi awujud garis ageng ( outline )

7

e. Recite ( ngudhal )

Ngudhal utawi ngandharaken sarana lesan kangge ngiyataken

panguwaosipun waosan lan nyambetaken kaliyan pangertosanipun pamaos,

yasa ringkesan sarta mangsuli pitakenan. Pamaos mbudidaya ngiyataken

kasilipun maos. Punapa ingkang sampun kapanggihaken nalika maos

kajumbuhaken kaliyan punapa ingkang dados bothekanipun pamaos lan

nglajengaken maosipun. Pamaos kaprayogekaken yasa ringkesan saben

pungkasaning bab, pungkasanipun pada / perangan lan kaudala.

f. Review ( ngambali )

Saksampunipun saben pada utawi perangan ing bab ingkang purna kawaos,

pamaos ngambali malih lan ngemut-emut malih srana ngringkes bab ingkang

wigatos.

Kanthi tumindak ingkang mekaten, pamaos mbudidaya saged nguwaosi

isinupun waosan kanthi jangkep lan murakabi. Cak-cakanipun kanthi njejeraken

sedaya cathetan ingkang sampun kadamel lan jumbuhaken bab-bab ingkang

kagalih sami, salajengipun ngemut-emut malih punapa isinipun bab ingkang

sampun kawaos.

g. Reflect ( nggraita )

Pamaos kaajak nggraita. Gagasan bakenipun artikel utawi bab kasebat kagalih

kanthi lebet, kalimbang-limbang, katandhing-tandhingaken, kajumbuhaken

kaliyan pangertosan ingkang sampun dipunkuwaosi dening pamaos, salajengipun

katata malih dados pangertosan ingkang langkung wiyar.

8

4. Pambelajaran Maos Pemahaman

a. Kagiyatan Pembelajaran

Kagiyatan pambelajaran mujudaken kagiyatan ingkang dipunlampahi

kanthi usaha- ingkang sampun terencana wonten ing manipulasi sumber – sumber

belajar supados dados proses belajar. Titikanipun kagiyatan pambelajaran inggih

punika wontenipun interaksi antawisipun siswa kaliyan dwija, kanca- kancanipun,

media, utawi kaliyan sumber – sumber belajar ingkang wonten ing

lingkunganipun. Pambelajaran bakenipun mujudaken proses ingkang ndadosaken

kondisi ingkang kondusif supados wonten interaksi ing salebeting pambelajaran.

Konsep pambelajaran hakekatipun wonten kalih ingkang kedadosan

sesarengan, inggih punika proses belajar ingkang dipunlampahi dening siswa lan

proses belajar ingkang dipunlampahi dening dwija. Kagiyatan ingkang

dipunlampahi wonten ing proses belajar antawisipun nglampahi diagnosis

kebutuhanipun siswa, ngrencanakaken pambelajaran, paring informasi, paring

pitakenan lan paring nilai kemajuanipun belajar siswa.

b. Maos Pemahaman.

Maos pemahaman hakekatipun kagiyatan maos ingkang dipukajengaken

supados mangertosi makna/isi ingkang wonten ing waosan/ teks.

5. SMP Kartika III-2 Banyumanik

SMP Kartika III-2 inggih punika subjek ingkang dados sasaran panaliten.

Ingkang mapan ing Jl.Setiabudi Srondol Kecamatan Banyumanik Sapunika

dipunpimpin dening Ibu Dra.Hj.Asih Sawitri minangka Kepala Sekolah,

9

Dwijanipun wonten 20. Ingkang dados subjek panaliten inggih punika siswa kelas

VII.

F. Tatarakiting Panyeratan Skripsi

Skripsi punika kaperang dados gangsal bab. Saben bab ndungkap pokok

bahasanipun ingkang benten-benten, nanging taksih sesambetan. Bab-bab

sakderengipun kagem ndasari anggenipun ngembangaken bab-bab saklajengipun.

Bab I punika purwaka ingkang ngandharaken pawadaning prekawis,

momotan prekawis, ancasing panaliten, mupangating panaliten, panandhesing

tembung lan tata rakiting panyeratan.

Bab II landhesaning teori, ingkang ngandharaken, wosing maos,

pembelajaran maos pemahaman lan hipotesis tindakan.

Bab III Metodhe panaliten, ingkang ngandharaken subjek panaliten,

rancangan panaliten, variabel panaliten, instrumen panaliten, teknik-teknik

pangempalan dhata lan teknik analisis dhata.

Bab IV ngemot asiling panaliten lan pirembaganipun.

Bab V panutup, ngemot dudutan lan pamprayogi.

Salajenging dipunpacak dhaptar pustaka inggih punika sumber ingkang

dipunginakaken kagem acuan ing panaliten punika lan dhaptar-dhaptar lampiran.

10

A. Wosing Maos

1. Pangetosan Maos

BAB II

LANDHESANING TEORI

Maos hakekatipun mujudaken pambudidaya murih saged mangertosi

isinipun waosan. Umumipun kawiwitan kanthi pitepangan rumiyin kaliyan simbol

visual utawi input saking andharan tinulis, tumuli kalampahan proses asimilasi

lambang dados gambaran ingkang mawa teges lan dipunkiyataken dening

suwanten utawi indera sanesipun. Cethanipun, lambang kadulu dening paningal

lan kacathet dening pamikir (otak). Salajengipun kedadosan proses integrasi

semantic, inggih punika proses negesi input grafis ( decode).

Proses nyathet kasebat mlebet ing ingatan jangka pendek, ingkang

tarkadhang wonten ingkang kesupen. Saksampunipun dhamang (ingatan jangka

panjang), pamaos badhe tumanggap dhateng waosan kasebat. Proses punika

dipunwastani proses pemanggilan ulang saking ingatan jangka panjang.

Maos minangka proses tepangan kaliyan lambang suwanten ingkang

kacithak utawi tepangan kaliyan lambang katulis. ( Harris ing Suyitno,2006:8 ).

Nanging miturut Burhan ( 1971:7) bilih maos punika mujudaken tumindak

ingkang adhedhasar karya sareng antawisipun pinten – pinten kaprigelan, inggih

punika njinggleng (mengamati), mahami, lan mikiraken. Salajengipun Tarigan (

1994:7 ) payarwenipun bilih maos punika satunggaling proses ingkang

dipunlampahi sarta dipunginakaken dening pamaos kangge manggihaken bab

ingkang kaandharaken dening panyerat.

11

Performasi lan kaprigelan maos punika dipunwiwiti pengalaman lan

kaprigelan –kaprigelan ingkang dipungadhahi saderengipun, sahingga saking segi

linguistik, maos mujudaken proses nyadekaken malih lan proses maos sandi ( a

recoding and decoding process). Micara lan nulis ngginakaken sandi (encoding).

Proses maos sandi punika yektosipun nggayutaken tembung – tembung ingkang

kaulis ( written word ) kaliyan makna/ teges basa lesan ( oral language meaning )

ingkang nyakup seratan/cithakan dados suwanten ingkang ngemu teges.

( Anderson ing Tarigan 1987:7)

Kagiyatan maos mujudaken proses pangolahing waosan kanthi kritis lan

kreatif. Ancasipun maos inggih punika manggihaken pangertosan ingkang

gamblang ngengingi waosan lan mbiji kahanan, nilai, gina, lan pangribawanipun

waosan kasebat tumrap bab-bab ingkang kacakup ing pangertosan kalawau. Ancas

punika saged kagayuh bilih katindakaken kanthi ngolah waosan kanthi kritis lan

kreatif.

2. Jinis –jenising kagiyatan maos

Maos minangka pambudidaya murih saged mangertosi isinipun waosan.

Wonten mriki proses mahami makna utawi isi waosan, sahingga maos mujudaken

proses ingkang kompleks lan rumit.Kompleks tegesipun ing salebeting maos

wonten factor internal lan eksternal maos, bilih rumit ingkang dipunkajengaken

inggih punika factor – factor internal lan eksternal punika gadhah sesambetan lan

mujudaken koordinasi ingkang rumit kagem nyengkuyung pemahaman ing

salebeting waosan. ( Nurhadi 1986:13).

12

Tarigan ngandaraken bilih, maos punika kaprigelan ingkang kompleks, rumit,

ingkang nyakup lan nglibataken kaprigelan sanes ingkang langkung alit.

Kaprigelan maos punika tiga komponen, inggih punika:

a. Nepangaken aksara utawi tandha baca;

b. Korelasi lan tandha baca kaliyan unsure- unsur linguistik ingkang formal;lan

c. Sesambetan ingkang langkung saking A dumugi B kaliyan makna utawi

meaning (Broughto ing Tarigan 1987:10).

Maos pemahaman inggih punika proses saksampunipun proses maos

permulaan,wonten ing maos pemahaman penekanan dipunparingaken ing

pemahaman isipun waosan.Maos pemahaman umumipun dipunsebat maos tingkat

lanjut (Tampubolon 2008:5). Ing kagiyata maos punika pamaos boten malih

nekenaken kagiyatan patipangan aksara-aksara lan lambang-lambang basa,

nanging kedah mahami:

a. Makna khusus,istilah,ungkapan;

b. Damel tembung, pola ukara,pada; lan

c. Nafsiraken lambang-lambang basa, nangkep gagasan pokok lan gagasan

tambahan, narik simpulan,ngenal tumindak penganggit.

d. Mahami teknik lan gaya panyeratan ingkang dipunginakaken panganggih

13

Maos

Maos nyaring m.survei

m.ektensif m.satleraman

m.cethek

M.salebeting m.naliti m.basa

manah basa

m.intensif m.sastra

(Tarigan 1985:1)

Gambar 1. Skema Maos

m.titi

m.naliti m.pemahaman

isi

m.kritis

m.ide

Jumbuh kaliyan tujuwan ingkang badhe kagayuh, wonten kalih cara

ingkang saged katindakaken, inggih punika:

a. maos salebeting manah

Maos salebeting manah punika prayoganipun kagladhi wiwit alit sebab

minangka sangu sinau.Maos salebeting manah nyakup maos ektensif lan maos

intensif.

1) Maos ektensif ( extensive reading)

Maos ektensif tegesipun maos kanthi wawasan ingkang jembar.

Ancasipun inggih punika mangertosi bab ingkang wigatos kanthi

rikat.Ingkang kagolongaken maos ektensif inggih punika:

(a) Maos survei ( survey reading)

14

(b) Maos satleraman (skimming)

(c) Maos cethek (superficial reading)

2) Maos intensif ( intensive reading)

Maos intensif mujudaken maos ingkang tumemen, titi lan tlesih

tumrap satunggaling waosan. Ingkang kagolongaken maos intensif inggih

punika:

(a) Maos naliti isi ( content study reading)

- maos titi ( close reading)

- maos pemahaman (comprehensive reading)

- maos kritis (critical reading)

- maos ide (reading for ideas)

(b) Maos naliti basa ( language study reading)

- maos basa ( foreign language reading)

- maos sastra ( literary reading )

b. maos kanthi suwanten (nyaring). (Tarigan, 1987:12).

Adedhasar jenis-jininsing kagiyatan ing nginggil, jenis kagiyatan ingkang

jumbuh kaliyan topik bahasan panaliten dipuntingali saking tingkatanipun inggih

punika maos lanjut.Awit ing maos lanjut punika ancas tuwanipun mahami isi

waosan.

3. Ancasing Maos

Tujuwan ingkang baken salebetipun maos inggih punika madosi lan

manggihaken informasi (isi lan maknanipun waosan). Wondene peprincenipun

tujuwan maos inggih punika :

15

a. Manggihaken peprincen utawi fakta-fakta (reading for detalils or facts)

Inggih punika maos kangge manggihaken utawi mangertosi pemanggih

ingkang sampun kaandharaken denig tiyang sanes, punapa ingkang

sampun katindakaken dening tiyang sanes, punapa ingkang sampun

kedadosan magepokan kaliyan tiyang sanes, utawi maos kangge

ngrampungi prekawisprekawis ingkang kadamel dening tiyang sanes.

b. Manggihaken underanipun prekawis/ide utama (reading for main ideas)

Inggih puika maos kangge mangertosi kenging punika satunggalipun

prekawis mujudaken prekawis ingkang sae lan nyengsemaken, prekawis

ingkang kapanggihaken salebetipun carios, punapa ingkang dipunsinau

utawi ingkang dipuntindakaken priyantun, lan yasa sarining prekawis

ingkang dipuntindakaken priyantun salebetipun nggayuh tujuwanipun.

c. Mangertosi urutan utawi susunan, organisasi carios (reading for sequence

or organization)

Tegesipun maos kangge manggihaken utawi mangertosi punapa

ingkang dumadi ing saben peranganipun carios, punapa ingkang dumadi

sepisanan, kaping kalih, kaping tiga, lan sapiturutipun, - saben perangan

kaangkah saged ngrampungi satunggaling prekawis, adegan-adegan lan

kedadosan, kedadosan ingkang kadamel fragmen/drama.

d. Damel dudutan/kesimpulan, maos ingerencial (reading for inference)

Inggih punika maos ingkang tujuwanipun manggihaken serta

mangertosi kenging punapa para priyantun ngraosaken samukawis

punika, punapa ingkang badhe kababaraken dening pangripta dhumateng

16

pamaos, kenging punapa sikepipun para priyantun ewah, kasagedan

ingkang hanjalari para priyantun kasil utawi boten kasil.

e. Milah-milahaken/nglasifikasikaken (reading to classify)

Inggih punika maos kangge mangguhaken utawi mangertosi

punapa ingkang boten biasa, boten limrah ngengingi sawenehipun

priyantun, punapa carios punika leres punapa lepat.

f. Mbiji/evaluasi (reading to evaluate)

Maos kanthi tujuwan punika mujudaken maos ingkang ancasipun

manggihaken punapa priyantun kasil ing gesangipun, punapa pamaos

kepengin niru punapa ingkang katindakaken dening priyantun, utawi

pamaos kepingin niru tumindakipun priyantun ing carios ingkang kawaos.

g. Mbandhingaken utawi nandhingaken (reading to compare or contest)

Inggih punika maos kangge manggihaken kados pundi caranipun

priyantun punika ewah sikepipun, kenging punapa gesangipun beda

kaliyan panggesangan ingkang dipunmangertosi dening pamaos, kenging

puanapa ing antawisipun kalih carios wonten saminipun, kenging punapa

pangripta ngempri pamaos. (Anderson ing Tarigan 1987:9)

Dene miturut Walpes ( ing Nurhadi 2008:136) ngandharaken bilih ancas

tujuwan maos kaperang dados gangsal, inggih punika:

1) Pikantuk piranti tinemtu ( instrumental effect), maos minangka piranti

kagem manggihaken baban katemtu ingkang sipatipun praktis, kados

caripun damel masakan lan sapanunggale.

17

2) Pikantuk asil ingkang prestise ( prestige effect ), maos kanthi tujuwan

supados pikantuk raos ingkang langkung ( self image) tinimbang tiyang

sanes wonten ing pasrawungan.

3) Ngiyataken nilai-nilai pribadi utawi keyakinan.

4) Nggantos pengalaman estetik ingkang sampun lawas, kados maos kanthi

tujuwan sensasi- sensasi enggal.

5) Maos kagem ngindari dhiri saking kesulitan,kesukaran utawi penyakit

katemtu.

4. Metodhe Maos

Metodhe inggih punika cara ingkang dipunginakaken kagem nggayuh

tujuwan ingkang sampun dipuntemtokaken. Wonten ing pambelajaran metode

dipunginakaken cara variasi, boten katujuaken ing setunggal metodhe kemawon.

Nanging wonten setunggal metode ingkang baku dene metodhe-metodhe sanes

naming dados pelengkap kemawon .

Metodhe maos (reading method) murugaken tingkat penerapan teori-teori

maos ingkang wonten ing tingkat model maos. Penerapan tingkat metode maos,

dipunlampahaken kanthicara nglampahaken pamilihan kemahiran khusus

ingkang badhe dipuginakaken kagem maos, inggih punika kemahiran

manfaataken informasi visual lan nonvisual. Metode maos punika gadhah tahap-

tahap sacara procedural ingkang wonten ing salebeting maos inggih punika

dipunwiwiti wontenipun stimulus, stimulus dipuntampi alat visual, stimulus

dipuntampi dening otak, lan otak dipunpahami, diinterpretasikan, lan utawi

dipunkritisi.

18

a. Jinis-jenising metodhe maos

1)Metode SQ3R ( Survey, Question, Read, Recite, Review)

Maos kanthi SQ3R prayogi sanget kangge maos intensif lan relasional.

Metode punika katepangaken dening Prof. Francis P. Robinson.

2)Metode PQRST ( Preview, Question, Read, Summarize,Test)

Metode PQRST punika saemper kaliyan metode SQ3R lan OK5R.

3)Metode OK5R ( Overview, Key Ideas, Read, Record, Recite,Review,

Reflect)

Metodhe punika karembakaken dening Walter Pauk, direktur Reading-Study

Center saking Cornell University.

4)Metode SUPER SIX Rs (R Super Cacah Enem)

b. Metode OK5R

Tahap-tahap sacara prosedural (metodhe) ingkang saged dipunginakaken

ing salebeting maos kathah ragamipun. Saking pinten-pinten metodhe maos

saged dipunklasifikasi dados pinten-pinten metode. Wonten ing panaliten

punika, panyerat nganakaken panaliten kanthi cara metode OK5R.

Metodhe punika karembakaken dening Walter Pauk, direktur Reading-Study

Center saking Cornell University. Metode OK5R inggih punika :

a. Overview ( njingleng kanthi taliti )

Inggih punika pamaos mbudidaya madosi gambaran agal prekawis

ingkang karembak, prekawis ingkang kaudhal, lan pitakenan ingkang

kaajengaken.

19

. Key Ideas ( ide – ide kunci )

Key Ideas nuntun dhateng pamaos anggenipun mbudidaya

misahaken prekawis utami lan prekawis ingkang sipatipun naming

nerangaken.

c. Read ( maos )

Perangan punika nuntun pamaos manggihaken gagasan baken lan

gagasan paneranganipun sarta pada utami lan pada panerang.Perangan

punika murugaken perangan ingkang penting wonten ing metode punika.

Ing tahap punika pamaos nglampahaken kagiyatan maos sedaya

bab -bab lan bagiyan –bagiyan waosan. Pamaos biasanipun maos kanthi

taliti sinambi pados wangsulan saking pitakonan ing tahap reflect .

Supados nglanyahhaken proses maos, pamaos kedah fokus ing tembung-

tembung kunci, pikiran-pikiran pokok ingkang wonten ing waosan lan

dudutan ingkang dipundamel dening panyerat.

d. Record ( nyathet / nyerat )

Pamaos kaprayogekaken damel cathetan utawi nengeri waosan/ buku

sarana ngringkes bakenipun rembag.Ringkesan ing ngriki saged awujud

ringkesan, saged ugi awujud garis ageng ( outline )

e. Recite ( ngudhal )

Ngudhal utawi ngandharaken sarana lesan kangge ngiyataken

nguwaosipun waosan lan nyambetaken kaliyan pangertosanipun pamaos,

yasa ringkesan sarta mangsuli pitakenan.

20

Pamaos mbudidaya ngiyataken kasilipun maos. Punapa ingkang

sampun kapanggihaken nalika maos kajumbuhaken kaliyan punapa

ingkang dados bothekanipun pamaos lan nglajengaken maosipun. Pamaos

kaprayogekaken yasa ringkesan saben pungkasaning bab, pungkasanipun

pada / perangan lan kaudala.

f. Review ( ngambali)

Saksampunipun saben pada utawi perangan ing bab ingkang purna

kawaos, pamaos ngambali malih lan ngemut-emut malih srana ngringkes

bab ingkang wigatos.

Kanthi tumindak ingkang mekaten, pamaos mbudidaya saged

nguwaosi isinupun waosan kanthi jangkep lan murakabi. Cak-cakanipun

kanthi njejeraken sedaya cathetan ingkang sampun kadamel lan

jumbuhaken bab-bab ingkang kagalih sami, salajengipun ngemut-emut

malih punapa isinipun bab ingkang sampun kawaos.

g. Reflect ( nggraita )

Pamaos kaajak nggraita. Gagasan bakenipun artikel utawi bab kasebat

kagalih kanthi lebet, kalimbang-limbang, katandhing-tandhingaken,

kajumbuhaken kaliyan pangertosan ingkang sampun dipunkuwaosi dening

pamaos, salajengipun katata malih dados pangertosan ingkang langkung

wiyar.

Salebeting ngraita punika, pamaos saged tetaken dhumateng dhiri

pribadhinipun piyambak, upaminipun :

� Punapa wigatosipun gagasan lan ide-ide punika ?

21

� Punapa ingkang dados landhesan/dhasaripun ?

� Punapa gagasan lan ide kalawau jumbuh kaliyan pangertosan ingkang

dipunkuwaosi pamaos ?

� Punapa wonten pamanggih enggal adhedhasar kanyatan lan gagasan

kalawau?

5. Kaprigelan

a. Kaprigelan Maos Pemahaman

Kaprigelan maos inggih punika salah satunggaling kahanan ingkang

nelakaken cukat, trampil, rigen, lan pinteripun tiyang salebeting maos. Kanthi

mekaten saged kawastanan bilih kaprigelan maos mujudaken cak-cakan kados

pundi caranipun supados saged manggihaken bab ingkang kawedharaken dening

pangripta. Proses manggihaken makna ingkang kacetha lan ingkang sinandhi ing

lambang-lambang tinulis, bab punika ingkang mbetahaken kaprigelan ningali

lambang-lambang tulisan lan kaprigelan ngewahi lambang-lambang tulisan kala

wau lumantar fonik ( pocapan, pangeja ingkang lelandhesan pemahaman)

Minangka kaprigelan basa, kaprigelan maos pemahaman kedah dipunladhi

dening sedaya tiyang, khususipun guru lan siswa. Kanthi mekaten

dipunkajengaken kaprigelan piyambakipun saged langkung sae. Supados gladhen

maos punika gadhahi fungsi ingkang inggil, gladhen kedah dipunrancang ing

teks/waosan sacara fungsional maknanipun wonten ing pagesangan.

Sampun dipunandharaken ing nginggil bilih esensi saking kagiyatan maos

inggih punika pemahaman. Pemahaman saking kagiyan maos inggih punika

22

pripun anggenipun nangkep ide pokok,detail ingkang wigati ugi sedaya

pangertosan.

Kagem mahami waosan dipunbetahaken:

1) Saged perbendaharaan tembung;lan

2) Akrap kaliyan struktur dasar panyeratan ( ukara,pada, lan tata basa)

Kaprigelan saben tiyang anggenipun mahami waosan punika boten sami,

awit penguasaan perbendaharaan tembung ingkang dipugadhahi, minat, kecepatan

ing babagan nginterpretasikaken,kemampuan intelektual, tujuwan maos lan

keluwesan ngatur cepet (fleksibel).

Supados gadhah kemapuan punika, pramila dipunbetahaken cara utawi

teknik supados ngadhahi kaprigelan maos kanthi sae, pikantuk pemahaman

ingkang sae, boten maos ingkang kawates ing pemahaman arti kemawon,

pemahaman ingkang mekaten dipunsebat pemahaman ingkang sempit.

Maos pemahaman mengku tujuwan mangertosi :

1) Standar/norma kesastraan

2) Resensi kritis

3) Drama tulis

4) Wangun/pola fiksi( Tarigan 1987:56).

b. Cara-cara Ningkataken Kaprigelan Maos

Miturut Gisler Peggy lan Marge Eberts wonten 10 cara kagem ningkataken

kaprigelan maos inggih punika:

1) Nyisihaken wekdal ingkang teratur kagem maos

23

Maos kanthi teratur lan kanthi ungel ingkang banter punika saged

ngasilaken keuntungan ingkang signifikan ing pemahaman maos, lan

tembung-tembung.

2) Nyedyakaken waosan kagem lare

3) Kaluwarga nggadhahi wekdal kagem maos

4) Paring semangat kagem kagiyatan maos

5) Ngrembakakaken karemenan maos ing perpustakaan

6) Ndadosaken pangertosan babagan kemajengan lare

7) Mirsani kagem maos prekawis

8) Pikantuk pambiantu kagem maos prekawis

9) Ngginakaken sedaya piranti kagem mbiyantu lare anggenipun maos

10)Minedahaken antusiasme kagem lare anggenipun maos

B. Pambelajaran Maos Pemahaman

1. Jinis-jenis pambelajaran

a. Pambelajaran Formal

Pambelajaran formal punika dipunlampahaken dening institusi

kados sekolah, IPG, lan university. Pendhidhikan ingkang dipuntampi

sacara langsung, dipunlaksanakaken dening dwija-dwija ingkang

terlatih lan nglibataken penilaian ingkang awujud formatif lan sumatif.

Pambelajaran formal nekenaken sacara langsung pendhidhikan

ingkang nglibataken aspek kognitif, afektif, rohani lan psikomotor.

24

. Pambelajaran Informal

Pambelajaran informal inggih punika pambelajaran ingkang

dipunlampahi sacara boten langsung utawi sacara boten sadar.

Pambelajaran punika saged saking dhidhikan tiyang sepuh ing dalem,

pergaulan kaliyan kanca, seminar, ningali tv, mirengaken radio lan

sapanunggaling. Titikanipun pambelanjaran informal inggih punika

dipuntampi sacara boten langsung, dipunserap sacara boten sadar, proses

pambelajaranipun tanpa winates lan mboten netepaken wosipun

piwulangan.

c. Pambelajaran Non-formal

Pambelajaran non-formal dipunwontenaken kagem nglengkapi asil

pambelajaran saking system formal. Pambelajaran kados mekaten

dipunbetahaken rancangan sacara taliti lan dipunkendalikaken dening

pendidik lan pakar-pakar katemtu.

2. Kagiyatan Pambelajaran

Kagiyatan pambelajaran murugaken kagiyan ingkang dipunlampahi

kanthi usaha-usaha ingkang sampun terencana wonten ing manipulasi sumber

– sumber belajar supados dados proses belajar. Titikanipun kagiyatan

pambelajaran inggih punika wontenipun interaksi antawisipun siswa kaliyan

dwija, kanca-kancanipun, media, utawi kaliyan sumber – sumber belajar

ingkang wonten ing lingkunganipun. Pambelajaran bakenipun murugaken

proses ingkang ndadosaken kondisi ingkang kondusif supados wonten

interaksi ing salebeting pambelajaran.

25

Konsep pambelajaran hakekatipun wonten kalih ingkang kedadosan

sesarengan, inggih punika proses belajar ingkang dipunlampahi dening siswa

lan proses belajar ingkang dipunlampahi dening dwija. Kagiyatan ingkang

dipunlampahi wonten ing proses belajar antawisipun nglampahi diagnosis

kebutuhanipun siswa, ngrencanakaken pambelajaran, paring informasi, paring

pitakenan lan paring nilai kemajuanipun belajar siswa.

Miturut Rahman, kagem ningkataken asil pendhidhikan ingkang sae

prelu dipunkembangaken pembelajaran ingkang migatosaken factor-faktor:

a. Partisipasi aktif wonten ing kelas, tegesipun sedaya anggota kelas kedah

saged nggadhahi argumentasi lan paring pikiran asli ing piyambakipun,

sedaya anggota kelas saged nampi kritik ingkang membangun wonten ing

kagiyatanipun.

b. Manajemen kelas ingkang dipuncitrai wontenipun rencana ingkang rinci

lan realitas,ugi disiplin wekdal lan tugas ( nyakup tugas praktik utawi tulis

c. Wontenipun kahanan kompetisi ingkang sehat, tegesipun nggadahi daya

saing intelektual ingkang mantep ( mikir mandiri, kerja sesarengan utawi

kelompok) lan saged ngandharaken gagasan ingkang cetha.

d. Ngajeni kerja keras, tegesipun pola sinau supados nggayuh asil optimal

kanthi wontenipun tujuwan-tujuwan ingkang sampun dipunrencanakaken.

e. Kemandirian akademis, tegesipun saged ngginakaken lan ngginakaken

sarana ingkang wonten kados perpustakaan laboratorium, lan fasilitas

sekolah, ugi saged sinau mandiri sacara jujur.

26

f. Boten benten-bentenaken siswa;

g. Ngajeni kanca-kanca, tulung tinulung,nderek ngaosaken kekirangan

ingkang dipunraosaken kanca lan bantu biyantu ing babagan ingkang sae

wonten ing pendhidhikan;

h. Ing salebeting kelas kedah wonten kahanan ingkang demokratis;

i. Antawisipun dwija kaliyan siswa punika hubungan ingkang akademis

nanging nggatosaken kaidah-kaidah sopan santun bangsa Indonesia;lan

j. Sedaya kagiyatan pambelajaran kedah nggadhahi antas tujuwan ndandani

martabat dhiri, kaluwarga, msyarakat, lan bangsa wonten ing tanggung

jawab dhateng Allah SWT.

3. Komponen pambelajaran

Adedhasar rumusan komponen strategi pembelajaran ingkang

dipunandharaken para ahli sacara garis ageng saged dipunpontho dados 7

inggih punika:

a. Urutaning kagiyatan pambelajaran

Ngurutaken kagiyatan pambelajaran saged nggampilaken dwija

anggenipun nglampahi kagiyatan pambelajaran, dwija ugi saged

mangertosi pripun anggenipun miwiti, nglampahi lan mungkasi

piwulangan.

b. Metode pambelajaran

Metode pambelajaran inggih punika cara ingkang dipunginakaken

dening dwija anggenipun nggandharaken piwulangan dhateng siswa

supados saged nggayuh ancasing piwulangan. Dwija kedah saged

27

milih metode ingkang jumbuh kaliyan materi ingkang badhe

dipunparingaken.

c. Media ingkang dipunginakaken

Media inggih punika wujud ingkang dipunginakaken kagem

ngandharaken pesan utawi informasi. Media saged awujud dwija,

piranti elektronik, media cetak lan sanesipun.

d. Wekdal tatap muka

Dwija kedah mangertosi wekdal ingkang dipunperlokaken

anggenipun ngrampungaken piwulangan lan wekdal ingkang

dipunginakaken anggenipun nggandharaken piwulangan, saengga

proses piwulangan saged kalampahan lan jumbuh kaliyan target

ingkang dipunkarepaken.

e. Pengelolaan kelas

Kelas inggih punika ruangan kelas ( lingkungan fisik) lan

lingkungan sosio-emosional. Lingkungan fisik antawisipun: ruangan

kelas, pengaturan bangku, pengaturan sarana utawi piranti sanes lan

ventilasi. Lingkungan sosio-emosional antawisipun tipe

kepemimpinan dwija, sikap dwija, suantenipun dwija, pembinaan

hubungan ingkang sae. Pengelolaan kelas punika nyiapaken kondhisi

ingkang optimal supados proses piwulangan saged kalampahan kanthi

gangsar.

28

f. Penilaian

Penilaian inggih punika proses pangempalan dhata ingkang

saged maringi gamabaran ngengingi perkembangan belajar siswa.

Fokus penilaian ingih punika wonten ing penyelesaian tugas ingkang

relevan lan kontektual ugi penilaian dipunlampahaken dhateng proses

utawi asil.

g. Refleksi

Refleksi murugaken cara utawi respon babagan punapa ingkang

sampun dipun sinauni. Wonten ing piwulangan, dwija nyisihaken wekdal

supados siswa ngawontenaken refleksi babagan punapa ingkang sampun

dipunsianuni. Demonstrasi, siswa ngandharaken asil penugasan dhateng

tiyang sanes ngengingi kompetensi ingkang sampun dipunkuwasani.

C. Hipotesis Tindakan

Hipotesis tindhakan wonten ing panaliten inggih punika sasampunipun

dipunparingi pembelajaran maos pemahaman kanthi metode OK5R,

dipunkarepaken siswa kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik saged

ningkataken anggenipun sinau lan saged mbiantu ing arah ingkang langkung sae.

29

A. Subjek Panaliten

BAB III

METODHE PANALITEN

Panaliten pendidikan punika dipunlaksanakaken ing pawiyatan ingkang

nggayuh satunggaling ancas pawiyatan, kanthi makaten panaliten punika saged

dipunwastani panaliten deskriftif prosentase lan deskriftif kualitatif

Subjek ingkang dipunginakaken inggih punika siswa Kelas VII SMP

Kartika III-2 Banyumanik ingkang cacahipun 25 siswa.

B. Rancangan Panaliten

Rancangan panaliten punika ngginakaken Penelitian Tindakan Kelas

(PTK), Penelitian Tindakan Kelas inggih punika panaliten ingkang

dipuntindakaken dening dwija, bekerja sama kaliyan panaliten (utawi

dipunlampahi dening dwija piyambak ingkang bertindak panaliten) ing kelas

utawi ing pawiyatan papan piyambakipun mucal kanthi penekanan ing

panyempurna utawi indaking nalika nindakaken lan praktis pambelajaran

(Arikunto 2009:57).

Panaliten punika dipunlampahi sacara kolaborasi antawisipun panaliten

lan dwija. Mekaten wujud panaliten punika asipat refleksi kanthi tindakan-

tindakan katemtu supados saged ningkataken piwulangan ing kelas sacara

30

professional. Penelitian Tindakan Kelas dipunlampahi nalika nindakaken

pengkajian berdaur ingkang kaperang dados sekawan tahap inggih punika

perencanaan, tindakan, pengamatan lan refleksi. Panaliten punika dipunlampahi

kalih siklus. Ing siklus kapisan wonten prekawis ingkang kedah dipungatosaken,

pramila dipunwontenaken perencanaan ulang, tindakan ulang, pengamatan ulang,

ugi dipunlampahi refleksi ulang kangge siklus ingkang kaping kalih.

Siklus – siklus punika nggadahi ancas tujuwan ingkang benten. Siklus

ingkang sepisan ancasipun mangertosi kaprigelan maos pemahaman siswa wonten

ing tindakan awal panaliten. Siklus punika kagem refleksi nalika nindakaken

siklus II, bilih siklus II ancasipun mangertosi indaking kaprigelan maos

pemahaman siswa saksampunipun dipunanakaken perbaikan-perbaikan ing

pelaksanaan nalika nindakaken belajar mengajar ingkang dhasaranipun ing

refleksi siklus I. Punika gambaran ingkang dipuntempuh dening panaliten.

PELAKSANAAN

PERENCANAAN SIKLUS I PENGAMATAN

REFLEKSI

PELAKSANAAN

SIKLUS II

PERENCANAAN PENGAMATAN

REFLEKSI

Gambar 2. Siklus Penelitian Tindakan Kelas Model John Elliot

31

Nalika nindakaken tindakan kelas dipunlampahi kanthi kalih tahap inggih

punika siklus I lan siklus II. Siklus punika dipunrancang kaliyan proses ing

ngandap.

a. Siklus I

Tindakan siklus I mujudaken tindakan awal panaliten. Asil siklus I

dipunagem refleksi kangge nindakaken siklus II. Siklus punika, kaperang dados

sekawan tahap inggih punika perencanaan, pelaksanaan (tindakan), pengamatan (

observasi), lan refleksi (Arikunto 2009:17). Ing siklus I lan siklus II dipunlampahi

kalih pertemuan.

1) Perencanaan

Tahap punika minangka rencana kagiyatan nemtokaken langkah-langkah

ingkang dipunlampahi panaliten kagem mecahaken prekawis. Prekawis ingkang

dipunalami wonten ing pambelajaran maos pemahaman punika taksih andhapipun

kemampuan siswa anggenipun maos pemahaman amargi factor internal lan factor

eksternal. Upaya kagem ngatasi prekawis kasebut inggih punika kanthi nyobi

ngubah metodhe pambelajaran supados minat lan motivasi siswa wonten ing

kagiyatan pambelajaran langkung inggil.

Rencana kagiyatan ingkang dipunlampahi inggih punika: (1) damel

rencana pembelajaran ingkang dipunkonsultasikaken dwija bahasa Jawa kelas VII,

(2) nyediakaken piranti lan bahan pambelajaran, (3) nyusun rencana pambelajaran

maos pemahaman kanthi metode OK5R, (4) damel lan nyepakaken instrumen

panalitian awujud pedoman observasi kagem mangertosi perilaku siswa nalika

pambelajaran maos pemahaman kanthi metode OK5R inggih punika pedoman

32

wawancara, jurnal penelitian, lan dokumentasi supados pikantuk data notes, (5)

nyiapaken perangkat tes maos pemahaman awujud soal tes, pedoman penskoran,

lan penilaian.

2) Pelaksanaan ( tindakan )

Tindakan inggih punika perbuatan ingkang dipunlampahaken dening

dwija minangka upaya perbaikan kaprigelan maos pemahaman siswa kelas VII A

SMP Kartika III-2 Banyumanik. Tindakan ingkang badhe dipunlampahaken

panaliten bakenipun inggih punika ngandharaken dhateng siswa kagiyatan

ingkang badhe dipunlampahi, lan nglampahi proses pambelajaran maos

pemahaman kanthi metode OK5R.

Pambelajaran badhe dipunlampahi kalih pepanggihan. Saben

pembelajaran dipunlampahi tigang tahap inggih punika tahap pendahuluan,

pelaksanaan, lan tahap panutup. Ing tahap pendahuluan dwija ngandharaken ancas

tujuwan lan mupangatipun pembelajaran inggih punika kagem ngukur

kemampuan siswa anggenipun maos pemahaman media cerkak ing pambelajaran

maos pemahaman. Dwija siswa dipunpontho-pontho dados perangan, saben

perangan antawisipun 4 – 5 siswa. Dwija paring tuladha dhateng siswa babagan

cerkak. Dwija paring informasi pripun anggenipun maos teks cerkak . Siswa maos

ing salebeting manah cerkak ingkang sampun dipunparingi dening dwija, dwija

maringi soal, dwija kaliyan siswa nyimpullaken wosipun cerkak lan nyocokaken

wangsulannipun. Dwija paring penguatan-penguatan , dwija nyimpulaken asil

pembelajaran lan mbiyantu siswa merefleksi pembelajaran.

33

Pepanggihan ingkang kaping kalih, pembelajaran ugi dipunlampahi

tigang tahap inggih punika tahap pendahuluan, pelaksanaan, lan tahap panutup.

Tahap apersepsi inggih punika tahap ngondisikaken siswa supados siap

anggenipun nindakaken pembelajaran maos pemahaman. Ing tahap punika

panaliten paring pitakon dhateng siswa babagan pengalaman siswa anggenipun

maos pemahaman ing media cerkak Abunawas akal-akalan kanthi metode OK5R

ing pepanggihan saderengipun, panaliten Tanya jawab babagan cerkak, panaliti

ngandharaken kompetensi ingkang kedah dipuncapai dening siswa punika maos

pemahaman.

Tahap proses pembelajaran mujudaken bakenipun tahap nglampahi

kagiyatan pembelajaran ngambali nyerat isinipun cariyos ngagem basanipun

piyambak. Kagiyatan punika mliginipun kegiyatan baken pembelajaran materi.

Ing kagiyatan punika panaliti maringi teks cerkak. Siswa maos ing salebeting

manah bahan waosan kasebut. Saksampunipun siswa maos wacan kasebut siswa

diskusi kaliyan kelompokipun. Siswa ngidentifikasi wosipun wacanan

dipunlajengaken mangsuli pitakonan objektif ingkang sampun dipunsediakaken

dwija. Dwija kaliyan siswa mbahas wangsulan ngengingi waosipun cerkak

ingkang sampun dipunwaos siswa. Dwija ngempalaken asil kerja siswa.

Salajengipun, ing tahap evaluasi panaliti lan siswa ngawontenaken refleksi nalika

nindakaken pembelajaran lan asil pembelajaran dinten punika.

3) Pengamatan ( Observasi )

Pengamatan dipunlampahi kagem ngempalaken dhata nalika nindakaken

pembelajaran maos pemahaman kanthi metode OK5R. Observasi wonten ing

34

panaliten punika pengamatan peneliti babagan kagiyatan siswa . Observasi punika

dhungkap sedaya prastawa ingkang sesambetan kaliyan pembelajaran, aktivitas

siswa nalika nindakaken pembelajaran maos pemahaman kanthi metode OK5R.

Wonten ing pembelajaran punika, dhata dipunkempalaken kanthi pinten-

pinten cara,inggih punika (1) tes kagem mangertosi kemampuan siswa

anggenipun maos pemahaman kanthi metode OK5R, (2) observasi siswa kagem

tumindak lan aktivitas siswa nalika nindakaken pembelajaran, (3) jurnal panaliten

kagem dwija nalika nindakaken pembelajaran maos pemahaman kanthi metode

OK5R, (4) Wawancara supados mangertosi panyarwe siswa ingkang

dipunlampahi ing sajaban pembelajaran dhateng perwakilan siswa ingkang

pikantuk biji inggil,sedengan, lan kirang,(5) dokumentasi foto dipunginakaken

laporan ingkang awujud gambar aktivitas siswa anggenipun nderek pembelajaran.

Sedaya dhata kasebut dipunjlentrehaken wujud deskripsi sacara jangkep.

4) Refleksi

Saksampunipun pelaksanaan tindakan, peneliti ngawontenaken refleksi.

Refleksi dipunlampahi kanthi cara mengkaji, ningali, lan mempertimbangaken asil

lan dampakipun saking tindakan ingkang dipunlampahi. Adedhasar refleksi

punika, peneliti saged ngrevisi rencana salajengipun utawi rencana awal siklus II.

Refleksi ing siklus I dipunginaken kagge ngubah strategi lan perbaikan

pembelajaran siklus II.

Ing tahap punika, panaliti nganalisis asil tes lan notes ingkang

dipunlampahi ing siklus I. Asil analisis punika dipunginakaken kagem mangertosi

kaluwihan lan kekiranganipun teknik piwulangan ingkang dipunginakaken

35

paneliti lan kagem mangertosi tindakan- tindakan ingkang dipunlampahi siswa

nalika nindakaken pembelajaran.

b. Siklus II

Tindakan siklus II mujudaken tindak lanjut saking siklus I. Asil refleksi

siklus I dipunbenahi wonten ing siklus II. Siklus II punika kaperang dados

sekawan tahap inggih punika revisi perencanaan, tindakan, observasi, lan refleksi.

Kagiyatan siklus II inggih punika:

1) Revisi Perencanaan

Ing tahap revisi rantaman, panaliten nyiapaken babagan ingkang badhe

dipunlampahi ing siklus II. Rencana tindakan ingkang nadhe dipunlamapahi

inggih punika (1)indentifikasi babagan ingkang prelu perbaikan adedhasar asil

observasi siklus I, (2) nemtokaken langkah-langkah perbaikan ingkang mujudaken

rancangan lan pelaksanaanipun piwulangan maos pemahaman kanthi metode

OK5R, (3) nyiapaken lembar wawancara, lembar observasi, lembar jurnal, lan

pedoman penilaian proses supados pikantuk dhata notes ing siklus II, (4)

nyiapaken perangkat pembelajaran maos pemahaman ingkang dipunginakaken

wonten ing evaluasi asil belajar siklus II.

2) Pelaksanaan Tindakan

Ing tahap punika panaliti nglampahi tindakan jumbuh kaliyan rantaman

ingkang sampun dipundamel kanthi ngevaluasi asil refleksi siklus I. Tindakan

ingkang dipunlampahi ing siklus II punika (1) paring umpan balik ingkang

awujud pitakonan babagan materi ingkang dipunparingaken nalika siklus I, (2)

nindakaken proses pembelajaran maos pemahaman kanthi metode OK5R jumbuh

36

kaliyan rencana pembelajaran, (3) motivasi siswa supados partisipasinipun

langkung aktif lan tenanan anggenipun maos teks pemahaman.

Pembelajaran dipuntindakaken kalih pepanggihan. Saben pepanggihan

dipunlampahi tigang tahap inggih punika tahap pendahuluan, tahap pelaksanaan,

lan tahap panutup. Ing pepanggihan siklus II, tahap pendahuluan dipunlampahi

dwija kanthi maringi kilas balik ingkang awujud pitakonan-pitakonan babagan

materi pembelajaran saderengipun. Tahap pelaksanaan dipunwiwiti dening dwija

nyuwun supados siswa ngemot-emot kagiyatan maos pemahaman cerkak ingkang

sampun kalampahan ing pepanggihan saderengipun. Siswa dipunpontho-pontho

dados perangan-perangan ( saben perangan 4-5 siswa). Dwija paring tuladha

wujud cerkak dhateng siswa. Dwija maringi informasi pripun anggenipun maos

teks ing cerkak. Siswa maos ing salebeting manah waosan kasebut lan

jumbuhaken wangsulanipun. Dwija maringi penguatan-penguatan. Minangka

panutup, dwija nyimpulaken asil pembelajaran lan mbiyantu siswa merefleksi

pambelajaran.

3) Pengamatan/Observasi

Observasi ing siklus II punika taksih sami kaliyan siklus I kanthi dhata

tes lan notes. Kemajuan-kemajuan ingkang dipuncapai lan kekirangan ingkang

taksih wonten ugi ndadosaken sasaran salebeting observasi.

Wonten ing pembelajaran punika, dhata dipunkempalaken kanthi pinten-

pinten cara,inggih punika (1) tes kagem mangertosi kemampuan siswa

anggenipun maos pemahaman kanthi metode OK5R, (2) observasi siswa kagem

tumindak lan aktivitas siswa nalika nindakaken pembelajaran, (3) jurnal panaliten

37

kagem dwija nalika nindakaken pembelajaran maos pemahaman kanthi metode

OK5R, (4) Wawancara supados mangertosi panyarwe siswa ingkang

dipunlampahi ing sajaban pembelajaran dhateng perwakilan siswa ingkang

pikantuk biji inggil,sedengan, lan kirang,(5) dokumentasi foto dipunginakaken

laporan ingkang awujud gambar aktivitas siswa anggenipun nderek pembelajaran.

Sedaya dhata kasebut dipunjlentrehaken wujud deskripsi sacara jangkep.

Nalika nindakaken pembelajaran, peneliti ngawontenaken pengamatan

dhateng siswa ngginakaken lembar observasi lan ngawontenaken pemotretan.

Observasi ing siklus II punika dipunlampahi kanthi ningali indaking asil tes lan

tumindakipun siswa anggenipun nindakaken kegiyatan pembelajaran, antawisipun

keaktivan siswa anggenipun nggarap tugas, lan keaktivan siswa ing

pepanthanipun. Wawancara ugi dipunlampahaken kagem mangertosi tanggapan

siswa ngengingi kagiyatan pembelajaran utamanipun siswa ingkang pikantuk nilai

tinggi, sedang, lan rendah.

4) Refleksi

Refleksi ing siklus II punika dipunlampahi kagem mangertosi keefektifan

ginakaken cerkak kanthi metode OK5R salebeting pembelajaran maos pemahaman

lan kagem mangertosi tingkat kaberhasilan pelaksanaan perbaikan tindakan siklus

I. Refleksi dipunlampahi kanthi nganalisis asil tes kaprigelan maos pemahaman

lan asil notes ingkang dipunlampahi ing siklus II. Asil notes ingkang awujud

observasi, jurnal, wawancara, lan dokumentasi foto ugi dipunanalisis supados

mangertosi perubahan tumindak siswa saksampunipun kagiyatan pambelajaran.

38

Refleksi ing siklus II dipunlampahi kagem merefleksi asil evaluasi

belajar siswa ing siklus I. Ancas tujuwan refleksi inggih punika kagem

nemtokaken kamajuan-kemajuan ingkang sampun dipuncapai nalika nindakaken

pembelajaran lan madosi kekirangan ingkang wonten ing pembelajaran.

Kemajuan ingkang dipuncapai ing siklus II inggih punika indaking nilai tes maos

pemahaman lan perubahan tumindakipun siswa (dari negative menjadi positif).

C. Variabel Panaliten

Jumbuh kaliyan teori salebeting panaliten ingkang sampun

dipunrumusaken, pramila variabel panaliten punika kaperang dados kalih: (1)

variabel input-output lan (2) variabel proses. Variabel input-output wonten ing

panaliten punika kaprigelan maos pemahaman, bilih variabel proses ingkang

dipunmaksud inggih punika pembelajaran maos kanthi metode OK5R.

a. Variabel Input-Output

Variabel input-output salebeting panaliten inggih punika kaprigelan maos

pemahaman. Kaprigelan maos pemahaman ingkang dipunmaksud inggih punika

jinis kagiyatan maos sacara seksama ingkang nggadhahi tujuwan kagem mahami:

(1) standar-standar utawi norma- norma kasusastran, (2) resensi tulis, (3) drama

tulis, (4) pola-pola fiksi ( Tarigan 1987:56). Kondisi awal siswa anggenipun maos

pemahaman cerkak punika kalebet rendah sahingga kanthi pangetrapan metode

OK5R saged ndadosaken kahanan punika langkung sae.Ancasipun pembelajaran

punika supados siswa langkung terampil anggenipun maos pemahaman lan

nangkep isinupun waosan kanthi sae.

39

. Variabel proses

Variabel proses panaliten inggih punika pembelajaran maos kanthi

metode OK5R. Variabel punika dipunginakaken panaliti kagem mbiyantu dwija

anggenipun ngadhepi kesulitan belajar bakenipun ing kaprigelan maos

pemahaman. Pembelajaran ingkang dipunmaksud inggih punika pembelajaran

maos kanthi metode OK5R. Metode OK5R punika bakenipun nglibataken

antawisipun siswa kaliyan teks, awit siswa mrediksi lan buktikaken bilih

piyambakipun maos. OK5R mujudaken metodhe maos ingkang dipunnyakini

nggadhahi tingkat keberhasilan ingkang langkung inggih menawi dipunterapaken

wonten ing pembelajaran. Keberhasilan pembelajaran dipunsebabaken pinten-

pinten faktor. Salah satunggaling factor metode belajar ingkang dipunterapaken

dening dwija. Pramila anggenipun ngginakaken metodhe belajar ingkang tepat

dipunprelukaken ing tingkat keberhasilan ingkang maksimal.

Kalih variabel ing nginggil nggadhahi target. Kemampuan ingkang

dipunkarepaken inggih punika siswa terampil maos pemahaman cerkak jumbuh

kaliyan aspek penilaian, inggih punika isinipun waosan.

D. Instrumen Penelitian

Instrumen panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing penelitian

tindakan kelas punika instrument tes lan instrument nontes.

a. Instrumen tes

Tes inggih punika pitakonan-pitakonan utawi gladhen sarta piranti

ingkang dipunginakaken nalika ngukur kaprigelan, pengetahuan intelegensi,

40

kemampuan utawi bakat ingkang dipungadhahi dening individu utawi kelompok(

Arikunto 2006:150). Peneliti nindakaken langkah model tes akhir pembelajaran.

Wujud tes ingkang dipunsajikaken inggih punika mangsuli pitakonan wacana lan

nyariosaken malih isinipun cerkak. Tes akhir dipunparingaken dhateng subjek

panaliten kagem mangertosi dhata akhir kaprigelan maos pemahaman siswa .

Aspek penilaian wonten ing maos pemahaman antawisipun,1)

underaning waosan, 2) suraose waosan, 3) diksi, lan 4)ngadharaken underaning

waosan kanthi cara tnulis. Skor penilaian aspek mahami waosan saged

dipunpirsani ing tabel ing ngandhap.

Table 1. Kisi-Kisi Tes Kaprigelan Maos Pemahaman

No Indikator Deskriptor Nilai

1. Underaning waosan a. Mangsuli kanthi leres, 25

underan ingkang

dipunandharaken kanthi

gamblang, ringkes,

tumata kanthi sae lan

urutanipun logis.

b. Wangsulan leres nanging

kirang tumata kanthi sae, 20

kirang urut lan

underanipun kirang

jangkep.

c. Wangsulan kirang leres,

15

underan

dipuandharaken

boten urut

ingkang

d. Boten jumbuh kaliyan

underanipun saben pada,

boten layak dipunbiji

10

2. Suraosipun waosan a. Anggenipun mangsuli

leres, suraose waosan 25

jumbuh kaliyan prekawis

lan tuntas

b. Wangsulan leres nanging

kirang sae, kirang

jumbuh kaliyan suraose

41

3.

4.

Diksi

Ngandharaken malih

underaning waosan

kanthi cara tinulis

waosan lan kirang tuntas

c. Wangsulan kirang leres,

suraose waosan kirang

jumbuh kaliyan prekawis

lan kirang tuntas

d. Boten jumbuh

antawisipun suraose

waosan kaliyan

prekawis, boten layak

dipunbiji

a. Mangsuli kanthi leres

tembung lan

bedhahanipu,

andharanipun tepat,

nguwaosi tegesipun

tembung

b. Wangsulan leres nanging

pelafalanipun potensi

tembung kirang lan

bedhahanipun sae,

andharanipun kirang

mangarbawani tegesipun

tembung

c. Wangsulan kirang leres,

mupangatipun potensi

tembung kawates, saged

ngewahi tegesipun

tembung

d. Wangsulan salah, boten

layak dipunbiji

a. Informasi /suraosse

seratan runtut lan

jumbuh kaliyan waosan

b. Informasi lan suraosing

seratan radi runtut

c. Informasi utawi

suraosing seratan kirang

urut

d. Informasi utawi isi

seratan boten jumbuh

kaliyan waosan

20

15

10

25

20

15

10

25

20

15

10

42

Skor sedaya saking tes tulis inggih punika jumlah skor

pemahaman isi bacaan dipuntambah kaliyan skor soal nyariosaken malih isinipun

waosan. Criteria tingkat pemahaman isi waosan kados tabel ing ngandhap.

Tabel 2. Kriteria Tingkat Kemampuan Maos Pemahaman

b. Instrumen nontes

Rentang nilai Kategori

85-100 Sae sanget

75-84 Sae

65-74 Cekap

55-64 Kirang cekap

45-54 Kirang

Kirang saking 44 Kirang sanget

Wujud instrument nontes dipunginakaken kagem mangertosi perubahan

tumindakipun siswa, sikap siswa wonten ing pambelajaran, ugi tanggapan siswa

ngengingi pembelajaran ingkang dipunlampahi nalika nderek piwulangan maos

pemahaman kanthi media cerkak Abunawas akal-akalan kanthi metode OK5R.

Wujud instrument notes ing panaliten punika pedoman observasi, jurnal

penelitian,pedoman wawancara, lan dokumentasi.

1) Pedoman Observasi

Pedoman observasi dipunginakaken supados pikantuk dhata ngengingi

perubahan tumindakipun siswa anggenipun nderek pembelajaran maos

pemahaman kanthi media cerkak Abunawas akal-akalan. Subjek sasaran ingkang

dipunamati wonten ing observasi punika bakenipun perilaku positif lan perilaku

43

negative ingkang medal nalika nindakaken panaliten siklus I lan siklus II.

Babagan ingkang kedah dipuncathet nalika observasi antawisipun: (1) Aktif nalika

proses pembelajaran, (2) males-malesan, (3) wicantenan piyambak, (4) ketingal

ngantuk,(5) ngganggu kanca sanes, (6) mingatosaken.

2) Jurnal penelitian

Jurnal dipundamel supados mangertosi respon siswa babagan

pembelajaran maos pemahaman cerkak Abunawas akal-akalan kanthi metode

OK5R. Jurnal dipunisi peneliti ingkang isinipun panyarwe sedaya kedadosan

ingkang dipuntingali lan dipunraosaken nalika nindakaken pembelajaran. Bab-bab

ingkang prelu dipuncathet lan dipun isi wonten ing jurnal inggih punika: (1)

respon siswa ing pembelajaran bahsa Jawa kanthi ngginakaken media cerkak

tukang cukur,(2) tumindak siswa nalika nampi pembelajaran bahasa Jawa

ngginakaken metode OK5R, (3) tumindak siswa nalika berinteraksi kaliyan dwija,

(4) kahanan kelas ing pembelajaran maos pemahaman bahasa sastra Jawa, (5)

tumindak siswa anggenipun mangsuli pitakonan ingkang dipunparingi dwija.

3) Pedoman wawancara

Wawancara dipunginakaken supados pikantuk dhata ingkang isinipun

pamrayogi siswa ngengingi kemudahan lan kesulitan wonten ing maos

pemahaman kanthi metodhe-metodhe saderengipun.

4) Dokumentasi

Foto dipunginakaken kagem ngrekam kagiyatan siswa ing pambelajaran.

Gambar ingkang dipupendhet punika prastawa-prastawa katemtu ing

pambelajaran maos pemahaman.

44

E. Teknik Pangempalan Dhata

Alat pangempalan dhata inggih punika instrument ingkang

dipuginakaken supados pikantuk dhata saking lapangan. Wonten ing panaliten

dipunginakaken kalih macem alat pangempalan dhata, inggih punika tes lan

observasi.

a. Tes

Tes inggih punika serentetan pitakonan, gladhen utawi piranti sanes

ingkang dipunginakaken kagem ngukur kaprigelan, pengetahun,intelegensi

kemampuan utawi bakat ingkang dipungadhahi individu utawi kelompok

(Arikunto 1994:123). Tes asring sanget dipundadosaken minangka piranti kagem

ngempalaken dhata keterangan ingkang dipunagem damel ramalan ngengengi

siswa (Surakhmad 1994:152). Tes wonten ing panaliten dipunginakaken kagem

milah dhata kemampuan maos pemahaman. Tes ingkang dipunginakaken wonten

ing pangempalan dhata tes awal kaliyan soal kemampuan maos pemahaman

saderengipun siswa pikantuk materi metode OK5R lan tes akhir inggih

sasampunipun siswa pikantuk materi OK5R. Saderengipun tes akhir

dipunwontenaken, siswa dipunparingi materi babagan cara-cara anggenipun

ngginakaken metode OK5R ingkang dipuntemtokaken wekdalipun.

Metode OK5R murugaken proses maos ingkang wonten 7 cara inggih

punika overview punika njinggleng kanthi taliti, Key Ideas ingih punika madosi

ide-ide kunci utawa mbudidaya misahaken prekawis utami lan prekawis ingkang

45

sipatipun nerangaken, Read inggih punika maos manggihaken gagasan baken lan

gagasan panerangipun, Record inggih punika damel cathetan utawi nengeri

waosan/ buku sarana ngringkes bakening rembag, Recite inggih punika ngudhal

malih isinipun waosan, Review inggih punika ngambali bab-bab ingkang sampun

dipunwaos lan dipunpahami, Reflect inggih punika nggraita gagasan bakenipun

artikel utawi bab kasebat kagalih kanthi lebet,katimbang-limbang, katandhing-

tandhingaken, kajumbuhaken kaliyan pangertosan ingkang sampun dipunkuwaosi

dening pamaos ( Walter Pauk ing Suyitno 2006:54). Dasar pengembangan metode

punika inggih punika teori kognitif, ingkang mriksani bilih maos punika proses

berfikir.

b. Teknik Nontes

Data notes ing panaliten saged dipunlampahi kanthi metodhe

observasi,jurnal,wawancara lan dokumentasi.

1) Observasi

Observasi inggih punika pangempalan dhata kanthi cara panaliten

nganakaken pengamatan langsung. Panaliten nglampahaken pengamatan langsung

pengelolaan pembelajaran Bahasa Jawa ing kelas VII. Tahapan observasi ingkang

saged dipunlampahi inggih punika: (1) nyiapaken lembar observasi ingkang

isinipun butir-butir sasaran pengamatan babagan aktifipun siswa lan aktifipun

siswa anggenipun nggarap tugas (tes), (2) nglaksanakaken observasi sjroning

proses pambelajaran,mulai saking andharan dwija, proses pambelajaran ngantos

evaluasi kagem mangertosi asil ingkang dipunserap dening siswa, lan (3) nyathet

asil observasi kanthi ngisi lembar observasi ingkang sampun dipunsiapaken.

46

2) Jurnal

Jurnal dwija dipunisi ing pungkasaning piwulangan maos pemahaman.

Jurnal ingkang dipunnilai dening panaliten inggih punika jurnal aktivitas siswa

sajroning proses pambelajaran.

3) Wawancara

Wawancara ingkang dipuginakaken kagem mundhut data dipunlampahi

kanthi metode terpimpin. Wawancara dipunlampahi dening panaliten dhateng

siswa ingkang asil tesipun sae, cekap, lan kirang. Punika addhedhasar asil

observasi, jurnal siswa, lan asil tes ing saben pungkasaning siklus.

4) Dokumentasi

Foto dipunginakaken kagem ngrekam kagiyatan siswa ing pambelajaran.

Gambar ingkang dipupendhet punika prastawa-prastawa katemtu ing

pambelajaran maos pemahaman.

F. Teknik Analisis Dhata

Data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunanalisis kanthi teknik

deskriptif prosentase lan teknik deskriptif kualitatif. Data kasebat lajeng

dipunanalisis kanthi cara:

1. Teknik Deskriptif Prosentase

Analisis dhata kanthi cara deskriptif prosentase mujudaken langkah

dipunetang kanthi persentase kanthi cara : (1) ngekap biji ingkang dipunasilaken

siswa, (2) ngetang biji kumulatif saben aspek, (3) ngetang biji rata-rataa, lan (4)

ngetang persentase.

47

Persentase dipunetang kanthi rumus :

NP = x 100 %

n x s

Keterangan :

NP : Nilai prosentase

: Skor ingkang dipuncapai siswa

n : Skor maksimal ideal

s : Jumlah siswa setunggal kelas

2. Teknik Deskriptif Kualitatif

Teknik analisis deskriptif kualitatif dipunginakaken kagem nganalisis

dhata kualitatif. Dhata kualitatif punika saking asil notes. Asil notes

dipunginakaken kagem mangertosi siswa ingkang awrat anggenipun maos

pemahaman. Sawetara asil maos dipunginakaken dhasar kagem mangertosi

indhaking kaprigelan maos pemahaman siswa.

48

BAB IV

ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGANIPUN

Asil panaliten ingkang dipunlampahaken dhateng siswa kelas VII SMP

Kartika III-2 Banyumanik Semarang babagan piwulangan maos pemahaman

kanthi metode OK5R ingkang dipundhasari ing prosedur wonten ing siklus I lan

siklus II, sacara jangkep dipunjabaraken ing ngandap.

A. Asiling Panaliten

1. Asil Panaliten Siklus I

Asil maos pemahaman kanthi metode OK5R ing siklus I kaandharaken

wonten ing distribusi frekuensi ing ngandhap.

Tabel 3. Asil Tes Kaprigelan Maos Pemahaman Siklus I

No Kategori Rentang Nilai Frekuensi Persentase

1 Sae sanget 85-100 2 8

2 Sae 75-84 12 48

3 Cekap 65-74 6 24

4 Kirang cekap 55-64 4 16

5 Kirang 45-54 1 4

6 Kirang sanget Kirang saking 44 0 0

Jumlah 25 100

Adhedhasar tabel 3 ing nginggil, saking 25 siswa saged

dipunmangertosi bilih ingkang pikantuk biji antawisipun 85 ngantos 100

punika wonten 2 siswa utawi 8%, awit 2 siswa punika panci nggatosaken

sanget nalika piwulangan.

Siswa ingkang pikantuk biji antawisispun 75 ngantos 84 punika

wonten 12 siswa, bilih dipunlebetaken ing persen wonten 48% punika

49

wonten ing kategori sae.Siswa kasebut pikantuk biji sae dipunsebabaken

dening faktor internal kadosta motivasi lan konsentrasi. Nanging siswa

rumaos menawi wekdal kangge maos langkung dangu, bijinipun saget

langkung sae. Siswa rumaos gamlang kaliyan materi ingkang

dipunandharaken dwija, pitakenan kaliyan materi ugi sampun jumbuh.

Wekdal ingkang kirang punika ingkang nyebabaken bijinipun dereng

maksimal.

Siswa ingkang kagolong cekap wonten 6 siswa utawi 24%

ingkang bijinipun antawis 65 ngantos 74. Nanging taksih wonten 4 siswa

utawi 16% ingkang wonten ing kategori kirang saking KKM utawi

ingkang bijinipun antawis 55 ngantos 64, punika dipunsebabaken siswa

punika boten ngatosaken nalika piwulangan.

Kanthi dhata ing nginggil saged dipunpirsani bilih adhedhasar

KKM ingkang sampun dipuntemtokaken inggih punika biji 65 wonten 20

siswa utawi 80% ingkang sampun tuntas wonten ing piwulangan maos

pemahaman kanthi metode OK5R utawi sampun ngluwihi batas minimum

ingkang dipuntemtokaken sekolah. Ananging taksih wonten 5 siswa utawi

20% ingkang dereng tuntas awit bijinipun taksih kirang saking 65 utawi

taksih kirang saking KKM.

2. Asil Panaliten Siklus II

Asil maos pemahaman kanthi metode OK5R ing siklus II

kaandharaken wonten ing distribusi frekuensi ing ngandhap.

50

Tabel 4. Asil Tes Kaprigelan Maos Pemahaman Siklus II

No Kategori Rentang Nilai Frekuensi Persentase

1 Sae sanget 85-100 12 48

2 Sae 75-84 5 20

3 Cekap 65-74 6 24

4 Kirang cekap 55-64 2 8

5 Kirang 45-54 0 0

6 Kirang sanget Kirang saking 44 0 0

Jumlah 25 100

Adhedasaar tabel asil tes kaprigelan maos pemahaman saking 25

siswa wonten 12 siswa ingkang kalebet ing kategori sae sanget utawi 48%

inggih punika siswa ingkang pikantuk biji sanginggiling 85. Siswa

ingkang pikantuk biji antawisipun 75 ngantos 84 wonten 5 siswa utawi

20% inggih punika ingkang kalebet kategori sae. Wonten 6 siswa utawi

24 siswa ingkang bijinipun mlebet ing kategori cekap kanthi rentang nilai

65 ngantos 74. Nanging taksih ugi wonten siswa ingkang pikantuk biji ing

kategori kirang wonten 2 siswa utawi 8% inggih punika siswa ingkang

pikantuk biji antawisipun 0 ngantos 64.

Asil tes kaprigelan maos pemahaman ing siklus II punika ketingal

wonten indhakipun. Indhakipun ketingal wonten ing tabel, inggih punika

siswa ingkang kalebet ing kategori sae sanget wonten 12 utawi 48%

ingkang asil punika ing siklus I dereng nyandhak. Punika mbuktikaken

wonten indhakan ing arah ingkang langkung sae

51

B. Pirembaganipun

1. Pirembaganipun Asil Panaliten Siklus I

Adhedhasar analisis asil kaprigelan maos pemahaman ing siklus I

saking 25 siswa, sampun wonten 2 siswa utawi 8% ingkang pikantuk skor

sae sanget kanthi rentang nilai 85-100. Babagan punika awit wonten

sesambetanipun kaliyan psikologi siswa, siswa punika sampun ketingal

ing kagiyatan piwulangan. Punika saged dipunmangertosi saking siswa

anggenipun ngandharaken ide, gagasan anggenipun paring pirsa utawi

naggapi pitakonanipun siswa sanes ingkang taksih mrangu-mrangu.

Motivasi siswa anggenipun derek piwulangan sampun wonten lan

langkung aktif tinimbang siswa sanesipun.

Siswa ingkang pikantuk biji antawisipun 75 ngantos 84 wonten 12

siswa utawi 48%. Adhedhasar asil panaliten ing kagiyatan piwulangan,

siswa punika ketingal aktif lan wanton ngandharaken ide ugi gagasan

anggenipun nyuwun pirsa lan nanggapi pitakonan siswa sanes, anggenipun

nggarap tugas mandhiri, tinimbang siswa sanes. Siswa punika ugi

langkung nggadhahi tanggel jawab anggenipun biji utawi nanggapi

pitakonan siswa sanes. Siswa kasebut kalebet siswa ingkang pinter.

Siswa ingkang kagolong cekap wonten 6 siswa utawi 24% ingkang

bijinipun antawis 65-74. Siswa ingkang wonten ing kategori punika panci

cekap aktif lan kendel, nanging dereng dipunimbangi kanthi sipat ingkang

mandhiri anggenipun nggarap tugas. Siswa punika kirang aktif wonten ing

piwulangan, boten kersa nanggapi andharan utawi pitakonan saking dwija.

52

Wonten 4 siswa utawi 16% siswa ingkang wonten ing kategori

kirang cekap utawi ingkang bijinipun antawis 55-64. Adhedhasar asil

analisis dipunmangertosin bilih siswa punika lenggahipun wonten tengah

lan wingking. Piyambakipun ketingal remen micara kaliyan kanca

sebangku utawi kanca sisihipun. Nalika dipuntegur dening dwija,

piyambakipun nembe purun ngatosaken. Siswa punika ugi ketingal kirang

konsentrasi lan kirang atusias. Kahanan punika tamtu kemawon

nggadhahi pengaruh ingkang boten sae.

Wonten malih ingkang pikantuk biji antawisipun 45 ngantos 54

wonten 1 siswa utawi 4% inggih punika pikantuk biji 45 ingkang

kategorinipun kirang. Siswa punika nggadhahi kaprigelan ingkang cekap,

ananging siswa punika hiperaktif saengga konsentrasi anggenipun sinau

kirang sae, langkung-langkung anggenipun mahami waosan ing tes, siswa

punika boten serius. Nalika tes siswa punika nindhakaken kagiyatan

ingkang boten sae kados nyoret-nyoret kertas utawi sibuk nggambar

saengga boten fokus anggenipun nggarap lembar kerja.

Siswa ingkang pikantuk biji kirang saking 44 ing siklus I punika

boten wonten utawi 0% saking cacahipun siswa. Punika dipunsebabaken

ing prasiklus sampun dipunandharaken babagan kaprigelan maos

pemahaman.

Biji kaprigelan maos pemahaman siswa ing siklus I punika sacara

umum dereng ngetingalaken asil ingkang sae. Biji daya serap perorangan

taksih wonten ingkang ing sangandhaping skor KKM. Wonten ing

53

kagiyatan piwulangan ing siklus I ugi dereng maksimal. Babagan punika

ketingal ing motivasi siswa anggenipun derek piwulangan ingkang kalebet

ing kategori cekap sahingga betahaken perbaikan ing siklus salajengipun.

Biji kaprigelan maos pemahaman kanthi metode OK5R ing siklus I

punika sacara umum dereng ngetingalaken asil ingkang ngremenaken

sanget. Biji daya serap individu taksih wonten ing sangandhape skor

KKM lan kangge daya serap klasikal ugi taksih ing sakngandhape KKM.

Wonten ing kagiyatan piwulangan ing siklus I ugi dereng maksimal.

Babagan punika ketingal ing motivasi siswa anggenipun derek piwulangan

kalebet wonten ing kategori cekap lan anggenipun nggungkapaken ide ugi

gagasan taksih wonten ing kategori cekap sahingga betahaken perbaikan

ing siklus salajenganipun.

Adhedasar dhata ingkang sesambetan kaliyan perencanaan kaliyan

pelaksanaan tindhakan saking dwija saged dipunasilaken bilih dwija

anggenipun ngandharaken piwulangan dereng jumbuh kaliyan

perencanaan tinulis. Kados apresiasi dwija taksih dereng saged ngukur

pengetahuan siswa, dwija langkung fokus anggenipun maringi tugas.

Anggenipun ngukur wekdal panaliti ugi kirang jumbuh kaliyan wekdal

ingkang sampun dipunrencanakaken. Dwija kedah langkung proaktif

anggenipun maringi perhatian dhateng siswa ingkang dereng nyekapi

KKM saengga daya serap klasikal saged mindhak. Penguatan ingkang

awujud pujian utawi hadiah prelu dipunparingaken dhateng siswa, saengga

54

motivasi lan keberanian kagem ngungkapaken ide utawi gagasan langkung

berkembang.

Dwija ugi kedah nggatosaken perencanaan piwulangan ingkang

sampun dipunrancang sahingga pelaksanaan tindhakan ingkang badhe

dipunlampahakaen boten ngimpang saking target ingkang sampun

dipuntemtokaken, bakenipun wonten ing pengaturan wekdal.

Asil tes kaprigelan maos pemahaman siswa ing siklus I kasebut

dipundukung kaliyan asil pengamatan saking dhata kagiyatan piwulangan,

wawancara lan observasi dhateng siswa.

Biji kaprigelan maos pemahaman punika dereng ngetingalaken asil

ingkang sae. Biji daya serap individual taksih ing sangandhaping skor

KKM dan kagem daya serap klasikal ugi taksih ing sangandhaping KKM.

Wonten ing kagiyatan proses sinau motivasi siswa anggenipun derek

piwulangan taksih wonten ing kategori cekap sahingga betahaken

perbaikan ing siklus lajengipun.

2. Pirembaganipun Asil Siklus II

Dwija murugaken agen pembelajaran utawi ujung tombak

transformative ilmu, kanthi mekaten dwija murugaken sosok ingkang

kedah saged mrantasi kagiyatan piwulangan ingkang dipunlampahi kagem

ngawontenaken perbaikan. Kontek punika ingkang saetu dados kunci

kasilipun pendidikan.

Asil temuan ing siklus I ingkang dipunfokusaken ing tindhakan

perbaikan pembelajaran kanthi metode OK5R, siswa langkung

55

dipuntekenaken ing kecepatan maos pemahaman kanthi ngrangsang ing

kaprigelan obahing mata lan pemahaman. Saking siklus I punika sampun

saged ningkataken asl sinau siswa, sinaosa kagem daya serap klasikal

dereng jumbuh kaliyan ingkang dipunkajengaken. Ewahan ingkang cekap

signifikan ingkang wonten ing kahanan belajar siswa, ingkang kirang

bergairah lan ngremenaken. Sinaosa wonten pinten-pinten siswa ingkang

motivasinipun taksih kirang semangat anggenipun nyuwun pirsa utawi

berperan aktif wonten ing diskusi kelompok.

Asil temuan ing siklus I dipunewahi ing siklus II kanthi nekenaken

ing perbaikan kagem variasi waosan kanthi target ingkang sampun

dipuntetepaken lan saged langkung dipuntingkataken. Metode lan fungsi

dwija dipundamel langkung variatif, langkung kathah mbangkitaken

kreativitas siswa anggenipun paring pitakon. Mobilitas dwija supados

keliling saged ningkataken motivasi siswa ingkang kirang mampu ugi

saged dipuntingkataken.

Adhedasar analisis asil maos pemahaman ing siklus II saking 25 siswa

ingkang pikantuk biji sae sanget antawisipun 85 ngantos 100 dados 12

siswa utawi 48%. Indhakan punika sesambetan kaliyan penambahan

penguatan dwija lan interaksi psikologis siswa ingkang ketingal langkung

akrab. Punika ketingal saking motivasi siswa ingkang wantun

ngandharaken gagasan lan paring pirsa dhateng dwija ing babagan

tembung-tembung ingkang awrat utawi ingkang dereng dipunmangertosi,

sahingga siswa punika langkung gampil anggenipun nggarap tugas.

56

Biji siswa ingkang kategorinipun sae ing rentang antawisipun 75

ngantos 85 wonten 5 siswa utawi 28%. Adhedasar asil pengamatan wonten

ing piwulangan ingkang saderengipun ing kategori cekap mindhak ing

kategori sae. Babagan punika dipunsebabaken mindhak ing aspek

ngandharaken malih underaning waosan kanthi cara tinulis, nanging ing

babagan suraose waosan wonten siswa ingkang taksih bingung bentenaken

ukara- ukara ingkang kalebet suraose waosan. Siswa punika langkung

tanggel jawab anggenipun nggarap tugas sahingga ing siklus punika

bijinipun saged mindhak.

Skor cekap kanthi rentang 65-74 wonten 6 siswa utawi 24%.

Saking pitakonan-pitakonan utawi tes bilih 6 siswa punika sacara klasikal

sampun tuntas awit bijinipun saged langkung saking 65, nanging ing

babagan ngandharaken undheraning waosan kanthi cara tinulis taksih

wonten ingkang dereng tuntas.

Siswa ingkang pikantuk biji antawisipun 55 ngantos 64 wonten 2

siswa punika dipunsebabaken kirang serius anggenipun nggarap soal tes

awit taksih remen micara kaliyan siswa sebangku lan taksih lingsem utawi

malu bertanya.

Asil tes punika dipundukung dhata situasi kagiyatan piwulangan

siklus II. Dhata punika adhedasar asil pengamatan dwija utawi jurnal guru,

jurnal siswa lan asil wawancara.

Kanthi metode OK5R saged ningkataken kaprigelan maos

pemahaman siswa kelas VII SMP Kartika III-2 Banyumanik Semarang

57

prelu dipuntindhak lanjuti kanthi maos wacana sanesipun ingkang gadhahi

manfaat kagem siswa. Ing sekolah dipunbetahaken papan lan waosan

ingkang saged dadosaken siswa remen maos. Ing kaluwarga siswa prelu

diparingi dorongan utawi kahanan ingkang damel siswa remen maos.

Pembinaan kasebut nggadhahi pengaruh ing kelas, sahingga

dadosaken sipat positif ingkang saged dadosaken kulina ing dhiri siswa.

Kekulinan punika ingkang dadosaken pengaruh dhateng motivasi siswa-

siswa kagem maos.

58

A. DUDUTAN

BAB V

PANUTUP

Adhedasar saking asil panaliten punika saged dipunrumusaken bilih

materi piwulangan basa Jawi boten namung dipunjlentrehaken kemawon

nanging kedah dipunpraktekaken supados siswa langkung gampil anggenipun

nampi piwulangan, mliginipun materi maos pemahaman amargi taksih kathah

siswa ingkang dereng nguaosi ejaan lan pamilihing tembung, dwija kedah

trampil anggenipun jlentrehaken materi ingkang dipunwucalaken kanthi

gambling saengga siswa boten kangelan anggenipun mangertosi lan mahami

piwulangan punika, siswa ingkang sampun kulina maos ing padinan langkung

sae anggenipun maos pemahaman tinimbang siswa ingkang boten nate maos.

Adhedasar andharan ing nginggil pramila wonten indhaking kaprigelan

maos pemahaman kanthi metode OK5R siswa kelas VII SMP Kartika III-2

Banyumanik Semarang, punika ketingal skor rata-rata asil tes saking 68,36 ing

siklus I dados 73,04 utawi mindhak 4,68%, mekaten ugi ing siklus II skor rata-

rata kelas 81,68 utawi saking siklus I ing siklus II mindhak 8,64%. Ewahan

punika ketingal ing siswa ingkang saderengipun kirang siap, kirang semangat

lan kirang aktif dados langkung siap, semangat lan aktif ing piwulangan.

Mekaten ugi siswa dados langkung wantun paring pirsa lan mangsuli

pitakonan ugi paring pamrayogi.

59

B. PAMRAYOGI

Adhedasar asil lan pirembagan panalitian tindhakan ing nginggil, pramila:

1. Siswa prelu ningkataken minat lan aktifitas anggenipun sinau supados

piwulanganipun langkung nggadhahi makna.

2. Dwija kedah langkung nggatosaken motivasi siswa supados ing

piwulangan saged mindhak.

3. Dwija kedah ningkataken kaprigelan ngginakaken media wonten ing

proses piwulangan, ngladen dhiri supados dados fasilitator, mediator

ingkang sae supados saged ngelola piwulangan kanthi sae.

4. Asil panaliten punika langkung valid bilih dwija ngawontenaken

panaliten lanjut kanthi subjek ingkang langkung wiyar.

60

60

KAPUSTAKAN

Ali, Mohamad . 1982. Penelitian Kependidikan Prosedur dan Strategi. Angkasa :

Bandung.

Arikunto, Suharsimi dkk. 2006. Penelitian Tindakan Kelas. PT Bumi Aksara:

Jakarta.

. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik. PT Rineka

Cipta: Jakarta.

. 2009. Dasar- Dasar Evaluasi Pendidikan. Bumi Aksara : Jakarta.

Mangunsuwito. 2006. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Yrama Widya: Bandung.

Nurhadi. 2004. Bagaimana Meningkatkan Kemampuan Membaca. Sinar Baru:

Bandung.

. 2008. Membaca Cepat dan Efektif. Sinar Baru: Bandung.

Sudjana,Nana. 2009. Tuntunan Penyusunan Karya Ilmiah. Sinar Baru: Bandung.

. 2009. Dasar- Dasar Proses Belajar Mengajar. Sinar Baru:

Bandung.

Suryabrata, Sumadi.2006. Metodologi Penelitian. Raja Grafindo Persada: Jakarta.

Sutadi. 2007. Telaah Kurikulum Bahasa Jawa. Semarang : IKIP PGRI.

Suyitno. 2006. Prigel Maos. Semarang : IKIP PGRI.

Tampobolon. 2008.Kemampuan Membaca Teknik Membaca Efektif dan

Efisien.Angkasa: Bandung.

Tarigan, H.G. 1983. Membaca Sebagai Suatu Keterampilan Berbahasa. Angkasa:

Bandung.

http://scool.familyeducation.com/top-10-ways/improve-reading-skills/38329.html

(kaunduh, 13 Januari 2010)

http://www.docstoc.com/docs/32080354/penetapan_kkm (kaunduh 13 Januari

2010)

http://www.scribd.com/doc/3371469/Permendiknas-no-41-Tahun-2007

( kaundhuh 13 Januari 2010)

61

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!